Jumat, 28 November 2014

balada sangkuriang


                                                   TANGKUBAN PRAU

lampah sikile sing  mungil menyak alas sing kebak karo pamitan dhuwur seolah arep nyakar langit.Tangan cilike nyekel busur panah sing saben wektu arep dibidikana kearah buruane, dheweke sawong panyelak binatang kaya menjangan lan liyane, lan dheweke  dikancani asu sing setia ,ia sangkuriang cilik anak saka dayang sumbi putri ayu anak saka raja Sungging Perbangkara saka kerajan gedhe neng Jawa barat, wong sing bojo karo asu jelmaan saka dewa jenenenge si tumang.
pas dayang sumbi lagi jahit, pintalan bolah sing dheweke gunakne tiba. amarga lumuh njupuk pintalan bolah kesebut, dheweke celathu "sapa sing bisa njupukake pintalan bolah kesebut, dheweke arep dadi bojo ." dumadakan seekor asu jupuk pintalan bolah kesebut lan menehi bolah kuwi menyang Dayang Sumbi. amarga wis janji, akhire Dayang Sumbi dadekne Tumang bojone lan nduwe anak jenenge Sangkuriang. Sangkuriang tuwuh dadi pemuda sing parase tampan, gagah perkasa lan sakti. Semasa uripe, sangkuriang dikancani  Tumang sing dianggepe mung asu biasa sing setia,sangkuriang ora weruh yen si tumang kuwe bapake.
 
Ing sawijining dina, dayang sumbi pengin ati menjangan lan ngongkon Sangkuriang kanggo berburu menjangan karo si Tumang. Sangkuriang lan Tumang mangkat kanggo berburu menjangan kesebut. Namung ora oleh apa-apa, Sangkuriang kuwatir  biyunge kuciwa. karo mikir singkat, dheweke njupuk panahe lan  ngarahkena panah kuwi ke Tumang lan njupuk atine si tumang, banjur digawa mulih kanggo diwenehna marang biyunge.ing omah Sangkuriang menehake ati kesebut marang biyunge. mung Dayang Sumbi weruh menawa kuwi dudu ati menjangan namung atine asu. dheweke nesu lan nggebug Sangkuriang nganggo centong batok marang endase sangkuriang , lan ngongkon sangkuriang lunga saka omahe

banjur Sangkuriang lunga lan berkelana ning penjuru donya nganti dheweke bali tiba neng desane dhewek, tanpa sadar, ning kana dheweke ketemu wong wedok ayu sing sabenere kuwi biyunge dhewek. Sangkuriang lan wong wedok ayu kuwi padha tiba demen siji padha liya lan sangkuriang ngajak wong wedok kuwi kawin. tapi Dayang Sumbi banjur kelingan menawa wong lanang sing dheweke tresnani kuwi anake. Dayang sumbi ndeleng ana bekas luka sing ana neng endhase Sangkuriang. kanggo ngurungna niat Sangkuriang , Dayang Sumbi banjur njaluk 2 syarat mustahil.“nek kowe pengen kawin karo aku, gawea tlaga lan prau gedhe ing wektu sawengi “pinta Dayang Sumbi”. “ya kula siap amarga kowe jaluk gawea tlaga lan prau.” Sangkuriang ngiyani.
kekuwatane sing sakti lan  bantuan makhluk ghaib, 2 hal panjaluk kesebut pun karasa bisa kelakon sawengi. Sangkuriang pun langsung nggawe tlaga karo membendung kali citarum lan nggawe  prau. Kuwatir Sangkuriang bisa nyelesei. Dayng Sumbi donga marang Tuhan ben gagalna rencana Sangkuriang. dumadakan cahaya srengenge saka wetan muncul lan esuk pun teka. mikir menawa usahane sia-sia. Sangkuriang karo nesu dheweke nendang prau kesebut nganti kuwalik. lajeng prau kuwi dadi gunung sing dikenal gunung Tangkuban prau. Tangkuban nduwe arti kuwalik lan prau nduwe arti  prau.

geguritan

TRESNO GAWE CILAKA

Rupane  sing bagus kaya arjuna saka pandawa

awake sing gagah kaya samson saka jakarta

lan kesaktiane sing mandraguna ibarat dewa saka kayangan

oh sangkuriang

kowe pancen pemburu sekti

antepteteg anggonmu mbenggangake busur panah

panahmu kaya-kaya nduwe soca,

kang siap diplayokake marang buruanmu

oh sangkuriang,

sipatmu kaya yudistira saka pandawa lima

mung atimu kaya rahwana sing kelangan dewi sinta

oh sangkuriang

cupeting  pikirmu,

biyungmu arep kok dadekake bojo??

Oh… oh… oh… sangkuriang

Kowe duraka

Enggal njaluk  ngapura

Sakdurung kowe nemahi cilaka…

Kamis, 27 November 2014

basa jawa

primbon



Adji begananda, adjining durdjana kanggo nyirepi wong kang duwe omah kang arep dimalingi.
Jadi adji begananda kuwi tolak bala kanggo bahaya.lakune kuwi kudu mutih 21 dina utaewa 40 dina sarta pati geni 3 dina 3 bengi utawa 7 dina 7 bengi, wiwitane dina rebo pon
Adji dipa, panulak adji begananda
Adji dipa iku panulak adji begananda yaiku sireping durdjana sing arep maling , yen katulak nganggo adji dipa adji begananda ora tumama. Lakune mutih 21 dina utawa 40 dina sarta pati geni 3 dina 3 bengi, utawa 7 dina 7 bengi, wiwitane dina jumuah paing.
Panulak durdjana
Lakune mutih 14 dina, sarta pati geni sadina sawengi wiwitane dina selasa kliwon.
Njirepi durjana
Tegese yaiku mung mangan sega to tanpa lawuh lan tanpa ujah, sarta ngombene mung banyu wentah.(pati geni) ora mangan lan ora ngombe sarta ora turu.
Sokibulkahfi
Tegese kanggo tulak maling lan kena kanggo tulak ama geni.
Wong Lunga mulih lan orane.
Wong kang lunga,mulih, iku ana dina lan pasarane(angkate saka omah) kapara 3 turah pira.( kena sangkala, enggal mulih, ora mulih)
Parane wong minggat
Wong kang minggat saka omah iku ana dina lan pasarane.kapara 4 turah pira.( marane pangetan, pangulon, pangelor, pangidul).
Wong minggat ketemu lan orane.
Kapara 3 turah pira( ora ketemu, ketemu, lepas parane)
Barang ilang ketemu lan orane
Kapara 3turah pira( barang ora ketemu, bisa ketemu, ora ketemu, nanging wong kang nyolong nuli lara).
Sapa kang nyolong
Kapara 3 turah pira ( kang nyolong kancane, wong sa umah, wong adoh).
Lanang utawi wadon Kang nyolong
Kapara 3 turah pira( wong lanang,wong wadon, samar( bisa wadon, bisa lanang) ).
                                                     Rupane kang nyolong
Kapara 3 turah pira( rupane ireng, mbambangawak, semu putih).
Ilang temenan apa ora
Kapara 4 turah pira( tiba wit, tiba godhong,tiba epang,klejang).
Petungan saka sunan benang
Ciri-ciri wong sing nyolong miturut dina wektu kelangan barang.
Petungan saka sunan giri
Ciri ciri wong  sing nyolong miturut weton wektu kelangan barang
Petungan saka siti jenar
Ciri ciri wong sing nyolong miturut dina wektu kelangan barang kapatokan nganggo aksara jawa.
Petungan saka sunan kalijaga
Golek wong sing nyolong nganggo duwit sing katibakake maring tulisan sahabat rasul.
Petungan barang ilang
Ciri ciri wong sing nyolong miturut angin, lintang, banyu, srengenge, geni, sasi, bumi.
Barang ilang miturut saat nabi
Kapara 5 turah pira ( tiba akhmad, idjrail, yusup, ibrahim, djabarail)
Barang ilang miturut tanggal lan jam waton sa’at nabi.
Ciri ciri barang ilang miturut nama nabi lan tanggal ilange barang kesebut.
Anggoleki  kadurjanaan.
Goleki barang sing ilang lan durjana miturut neptune dina lan pasarane
Mburu kewan alas
Mburu kewan iku kudu milih dina lan pasarane supaya oleh.
Tuku kewan
Yen tuku kewan iku kudu milih dina lan pasarane supaya kewan kuwi sehat.
                                                              Nanandur
Yen nandur kuwi kudu milih dina lan pasarane supaya cepet woh.
Nanandur miturut dina
 Yen Nandur jenis wit-witan kuwi  miturut dina nandure
Donga ama mentek lan panulak tikus
kanggo ngusir hama ing sawah utawa pakarangan
Petungan akeh utawa larang udan
ciri ciri udan manut wataking siji-siji taun,tibane ing tanggal sapisan wulan sura ing kono tiba ing dina apa.
Petungan mongso manut petjak wawajanganing surja.
Ciri ciri mongso miturut dina lan pasarane                                      
Tjandraning tahun sirah lan tahun sirah
Ciri ciri sirah miturut angka utawa nomor
Windu sirah
Ciri ciri sirah miturut windu utawa taun
                                                     Watakin windu papat
Ana 4(windu adi, kuntara, sangara, santjaja)
Dina tibaning tanggal
Watak, sabab miturut dina lan tanggal                                                             
Kadadeane manungsa saka tumurune widji manut dina lan pasarane
Watak manungsa miturut dina lan tumurune widji
Pitakonan bayi lahir
Banjur ana kapara 3 jen turah ( metu lanang, wadon, walahualam)
Njumurupi panguripane anak miturut kalahirane bapa lan anake
Ciri ciri kelahiran bapak lan anak miturut dina lan sapasarane.
Sangkalane baji
Ciri ciri bayi lair miturut sepasaran weton
Lelarane manungsa
Ana 5 ( sabda, guna,tirta, wana, lepas, )
                                                                 Lelara
Ciri ciri lelara ing dina lahire
                               Parane luru tamba wong lara, berkah sunan giri
Yen golek waras amarga kena sakit kuwi kudu milih dina sing becik.
Midjeti wong lara, berkah sunan kalijaga
Yen mijeti wong lara kuwi kudu milih dina sing becik.
Wiwitaning lelara, lelara miturut lahire pasaran, wiwitan tekaning pasaran
Ciri ciri lelara miturut dina,weton lan lahire pasaran

Slametan lan kang nambani
Slametan kang nambani wong lara, miturut dina lan pasaran wiwitaning lelara.
Panengeran wong arep adjal lan sasmita kang kawistara ing lijan
Tanda tanda wong sing arep mati miturut etungan dina.
                                                           Donga srabat
Dongakena wong sing lagi lelara
Sekarat suwe
Wong sing arep mati, tapi ora mati mati
                                                           Pal wong adjal
Tanda tanda wong arep mati miturut jam lan dina.
Slametan wong mati
Slametan wong mati kuwi ana dina dinae ( njur tanah, dina 3,7,40,100,mendak lan nyewu)
Ngirim luluhur
Tata cara ngirim donga kanggo para leluhur

Ilmu Nudjum
Pitakonan ilmu nudjum kuwi ana 21 bab
1.       Karepku bisa kasembadan apa ora
2.       Kabegjanku tumeka apa ora
3.       Anggonku dol tinuku bati apa ora
4.       Kabegjanku ana ing kene apa ing negara liya
5.       Wong kang wis lunga bisa mulih apa ora
6.       Barang kang ilang bisa ketemu apa ora
7.       Sanak iku slamet atine apa ora
8.       Wong lumaku slamet apa ora
9.       Wong iku demen marang aku apa ora
10.   Ningkahan iku becik apa ora
11.   Jodohan lanang wadone oleh rupa becik apa ora
12.   Wong metung metu lanang apa wadon
13.   Wong lara bisa waras apa ora
14.   Wong kesusahan oleh pangampura apa ora
15.   Dina iki akeh sangkalane apa ora
16.   Impen iku becik apa ora
17.   Keduten iku becik apa ora
18.   Ing daratan apa ing lautan olehe kauntungan
19.   Wong papadon prakara ikun kalah apa menang
20.   Wong kang perang urip apa mati
21.   Wong pegatan bisa balen apa ora.