TRESNO GAWE CILAKA
Rupane sing bagus kaya arjuna saka pandawa
awake sing gagah kaya samson saka jakarta
lan kesaktiane sing
mandraguna ibarat dewa saka kayangan
oh sangkuriang
kowe pancen pemburu sekti
antepteteg anggonmu mbenggangake busur panah
panahmu kaya-kaya nduwe soca,
kang siap diplayokake marang buruanmu
oh sangkuriang,
sipatmu kaya yudistira saka
pandawa lima
mung atimu kaya rahwana sing kelangan
dewi sinta
oh sangkuriang
cupeting pikirmu,
biyungmu arep kok
dadekake bojo??
Oh… oh… oh… sangkuriang
Kowe duraka
Enggal njaluk ngapura
Sakdurung kowe nemahi cilaka…
Tidak ada komentar:
Posting Komentar