Adji
begananda, adjining durdjana kanggo nyirepi wong kang duwe omah kang arep
dimalingi.
Jadi adji begananda kuwi tolak bala kanggo
bahaya.lakune kuwi kudu mutih 21 dina utaewa 40 dina sarta pati geni 3 dina 3
bengi utawa 7 dina 7 bengi, wiwitane dina rebo pon
Adji
dipa, panulak adji begananda
Adji dipa iku panulak adji begananda yaiku sireping
durdjana sing arep maling , yen katulak nganggo adji dipa adji begananda ora
tumama. Lakune mutih 21 dina utawa 40 dina sarta pati geni 3 dina 3 bengi,
utawa 7 dina 7 bengi, wiwitane dina jumuah paing.
Panulak
durdjana
Lakune mutih 14 dina, sarta pati geni sadina
sawengi wiwitane dina selasa kliwon.
Njirepi
durjana
Tegese yaiku mung mangan sega to tanpa lawuh lan tanpa ujah, sarta ngombene
mung banyu wentah.(pati geni) ora mangan lan ora ngombe sarta ora turu.
Sokibulkahfi
Tegese kanggo tulak maling lan kena kanggo tulak ama geni.
Wong
Lunga mulih lan orane.
Wong kang lunga,mulih, iku ana dina lan pasarane(angkate saka omah) kapara
3 turah pira.( kena sangkala, enggal mulih, ora mulih)
Parane
wong minggat
Wong kang minggat saka omah iku ana dina lan pasarane.kapara 4 turah pira.(
marane pangetan, pangulon, pangelor, pangidul).
Wong
minggat ketemu lan orane.
Kapara 3 turah pira( ora ketemu, ketemu, lepas parane)
Barang
ilang ketemu lan orane
Kapara 3turah pira( barang ora ketemu, bisa ketemu, ora ketemu, nanging
wong kang nyolong nuli lara).
Sapa
kang nyolong
Kapara 3 turah pira ( kang nyolong kancane, wong sa umah, wong adoh).
Lanang
utawi wadon Kang nyolong
Kapara 3 turah pira( wong lanang,wong wadon, samar( bisa wadon, bisa
lanang) ).
Rupane kang nyolong
Kapara 3 turah pira( rupane ireng, mbambangawak, semu putih).
Ilang
temenan apa ora
Kapara 4 turah pira( tiba wit, tiba godhong,tiba epang,klejang).
Petungan
saka sunan benang
Ciri-ciri wong sing nyolong miturut dina wektu kelangan barang.
Petungan
saka sunan giri
Ciri ciri wong sing nyolong miturut
weton wektu kelangan barang
Petungan
saka siti jenar
Ciri ciri wong sing nyolong miturut dina wektu kelangan barang kapatokan
nganggo aksara jawa.
Petungan
saka sunan kalijaga
Golek wong sing nyolong nganggo duwit sing katibakake maring tulisan
sahabat rasul.
Petungan
barang ilang
Ciri ciri wong sing nyolong miturut angin, lintang, banyu, srengenge, geni,
sasi, bumi.
Barang
ilang miturut saat nabi
Kapara 5 turah pira ( tiba akhmad, idjrail, yusup, ibrahim, djabarail)
Barang
ilang miturut tanggal lan jam waton sa’at nabi.
Ciri ciri barang ilang miturut nama nabi lan tanggal ilange barang kesebut.
Anggoleki kadurjanaan.
Goleki barang sing ilang lan durjana miturut neptune dina lan pasarane
Mburu kewan
alas
Mburu kewan iku kudu milih dina lan pasarane supaya oleh.
Tuku
kewan
Yen tuku kewan iku kudu milih dina lan pasarane supaya kewan kuwi sehat.
Nanandur
Yen nandur kuwi kudu milih dina lan pasarane supaya cepet woh.
Nanandur
miturut dina
Yen Nandur jenis wit-witan kuwi miturut dina nandure
Donga
ama mentek lan panulak tikus
kanggo ngusir hama ing sawah utawa pakarangan
Petungan
akeh utawa larang udan
ciri ciri udan manut wataking siji-siji taun,tibane ing tanggal sapisan
wulan sura ing kono tiba ing dina apa.
Petungan
mongso manut petjak wawajanganing surja.
Ciri ciri mongso miturut dina lan pasarane
Tjandraning
tahun sirah lan tahun sirah
Ciri ciri sirah miturut angka utawa nomor
Windu
sirah
Ciri ciri sirah miturut windu utawa taun
Watakin
windu papat
Ana 4(windu adi, kuntara, sangara, santjaja)
Dina
tibaning tanggal
Watak, sabab miturut dina lan tanggal
Kadadeane
manungsa saka tumurune widji manut dina lan pasarane
Watak manungsa miturut dina lan tumurune widji
Pitakonan
bayi lahir
Banjur ana kapara 3 jen turah ( metu lanang, wadon, walahualam)
Njumurupi
panguripane anak miturut kalahirane bapa lan anake
Ciri ciri kelahiran bapak lan anak miturut dina lan sapasarane.
Sangkalane
baji
Ciri ciri bayi lair miturut sepasaran weton
Lelarane
manungsa
Ana 5 ( sabda, guna,tirta, wana, lepas, )
Lelara
Ciri ciri lelara ing dina lahire
Parane
luru tamba wong lara, berkah sunan giri
Yen golek waras amarga kena sakit kuwi kudu milih dina sing becik.
Midjeti
wong lara, berkah sunan kalijaga
Yen mijeti wong lara kuwi kudu milih dina sing becik.
Wiwitaning
lelara, lelara miturut lahire pasaran, wiwitan tekaning pasaran
Ciri ciri lelara miturut dina,weton lan lahire pasaran
Slametan
lan kang nambani
Slametan kang nambani wong lara, miturut dina lan pasaran wiwitaning
lelara.
Panengeran
wong arep adjal lan sasmita kang kawistara ing lijan
Tanda tanda wong sing arep mati miturut etungan dina.
Donga
srabat
Dongakena wong sing lagi lelara
Sekarat
suwe
Wong sing arep mati, tapi ora mati mati
Pal
wong adjal
Tanda tanda wong arep mati miturut jam lan dina.
Slametan
wong mati
Slametan wong mati kuwi ana dina dinae ( njur tanah, dina 3,7,40,100,mendak
lan nyewu)
Ngirim
luluhur
Tata cara ngirim donga kanggo para leluhur
Ilmu
Nudjum
Pitakonan ilmu nudjum kuwi ana 21 bab
1.
Karepku bisa kasembadan apa ora
2.
Kabegjanku tumeka apa ora
3.
Anggonku dol tinuku bati apa ora
4.
Kabegjanku ana ing kene apa ing negara liya
5.
Wong kang wis lunga bisa mulih apa ora
6.
Barang kang ilang bisa ketemu apa ora
7.
Sanak iku slamet atine apa ora
8.
Wong lumaku slamet apa ora
9.
Wong iku demen marang aku apa ora
10.
Ningkahan iku becik apa ora
11.
Jodohan lanang wadone oleh rupa becik apa ora
12.
Wong metung metu lanang apa wadon
13.
Wong lara bisa waras apa ora
14.
Wong kesusahan oleh pangampura apa ora
15.
Dina iki akeh sangkalane apa ora
16.
Impen iku becik apa ora
17.
Keduten iku becik apa ora
18.
Ing daratan apa ing lautan olehe kauntungan
19.
Wong papadon prakara ikun kalah apa menang
20.
Wong kang perang urip apa mati
21.
Wong pegatan bisa balen apa ora.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar