TELAAH PRANATA MASYARAKAT JAWA
Abdi dalem keraton cirebon
A.
PENDAHULUAN
Ning jaman saiki mung sethitihik sing
kenal karo arti abdi dalem keraton, amarga
kabeh masyarakat ning lapisan iki nyayah lali yen ana abdi dalem ning
keraton, mereka mung ngerti sethitihk arti abdi dalem, lan ora kabeh wong
ngerti kerjane sing ikhlas lan tulus tanpa ngarapkena apa apa kanggo keraton.
Ning hal iki kula salut lan seneng
karo bapak Tarli, beliau kuwi salah sijine tokoh abdi dalem keraton cirebon
sing wis ngabdikena saka taun 1985 tekan saiki, beliau ikhlas ning kerjaane lan
ora ngarepkena apa-apa , ning kene kula arep bahas babagan abdi dalem keraton
cirebon.
Abdi dalem kuwi wong sing ngabdikena
uripe kanggo keraton lan kaluwarga sultan karo aturan lan resiko sing ana. Abdi
dalem asale saka kata ‘’abdi’’(mengabdi), lan ‘’Dalem’’ sing artine dalem (internal).
Ana siji pepatah basa jawa sing dadi pegangan para abdi dalem, yaiku “ Nrimo
ing pandum” sing artine menerima tanpa
menuntut.
Kita dadi manungsa kuwi bisa ndela,
para abdi dalem iki ngabdikena uripe tanpa jaluk apa-apa, mereka mung kepengen
menehi sing paling apik kanggo keraton lan sultane. Kita bisa nangkep arti
nilai wong sing dadi abdi dalem, sing kerjane ikhlas tanpa jaluk apa- apa, lan
patuh karo pimpinane, ning kene kita bisa nyerap arti penting keikhlasaan lan
kepatuhan tanpa nuntut apa-apa.
B. PELAKSANAAN
1. Subjek Kajian
Bapak tarli iku
salah sijine abdi dalem keraton cirebon, beliau kerjane dadi wakil saka
pedukuhan crucuk desa karang dempel losari brebes, miturut beliau pedukuhan
crucuk iki banget erat karo keraton cirebon, tuladhane wae yen ana masalah ning
pedukuhan crucuk mesti mlayune marang keraton cirebon, warga ning kana percaya
yen sultan dikeraton cirebon iku, bisa nolong saka hal- hal sing buruk yen desa
iku kena bencana.
Warga ning desa iku banget cinta lan hormat
karo sultan sing mimpin keraton cirebon, amarga warga ning kana percaya yen
sultane iku bisa dadi pelindung lan penyelamat warga desa iku. Amarga ning ben
desa sing biasane teka ning keraton cirebon, duweni wakil dhewek dadi ketua
umum ning desane, bapak tarli sing posisine dadi ketua umum saka rating cabang
ning keraton cirebon, lan salah sijine wong sing dipercayaai ning keraton
cirebon, beliau banget ikhlas ngenteke panguripane sing diabdikena ning keraton
cirebon iku.
Ning setiap ana
acara kaya ulang taun sultan cirebon, acara satu syura, acara maulid nabi
muhammad saw lan acara liyane, beliau dikon teka ning keraton cirebon, bapak
tarli wis suwe ngabdi ning keraton cirebon, saka taun 1985 tekan saiki, beliau
esih setia ngabdi ning keraton cirebon iku, mesti wis akeh gonta- ganti sultan
ning keraton cirebon iku, beliau tetep wae dipercaya sultan cirebon dadi ketua
umum ranting cabang saka pedukuhan crucuk, desa karang dempel, losari brebes.
Ing pelaksanaan
acara ning keraton cirebon, tuladhane kula jupuk saka acara panjang jimat/
maulid nabi Muhammad SAW, sing olih saka bapak tarli, ana panitia ning acara
iku kaya ketua, bendahara, sekretaris lan seksi- seksi liyane, sing duweni tugas dhewe- dhewe.
Ing pelaksanaan
acara iku peserta kegiatane iki wis diterangke ning atas yaiku, masyarakat ning
daerah kana, lan masyarakat ning daerah liyane, contohe wae ning pedukuhan
crucuk , desa karang dempel, masyarakat antusias banget ngikuti acara iku.
Miturut bapak tarli tenaga profesional ning keraton iku ana loro
golongan yaiku abdi dalem iku dhewek, abdi dalem ning keraton cirebon iku ana
rong jenis yaiku abdi dalem utama lan abdi luar, abdi dalem duweni derajat
luwih duwur utawa kastane luwih duwur.
Jumlahe abdi dalem utama uga ora akeh dibandingke karo abdi luar sing
jumlahe ana atusan, secara tugas tetep padha yaiku ngabdi kepada keraton
cirebon, sing bedakena keloro abdi dalem iku gaji saka pihak keraton, kanggo
abdi dalem ora olih gaji namung olih gaji pensiunan, menawa abdi luar olih gaji
meski jumlahe sethithik, menurut bapak tarli kisaran gaji abdi luar iku
50.000/sasi.
2. Fasilitas lan Media
Ning pelaksanaan
acara iki, tuladhane ana acara panjang jimat utawa maulid nabi muhammad Saw,
ana seksi konsumsine sing nyediakake panganan gratis sing disediakake pihak
keraton, wong wong sing teka ning keraton entuk mangan panganan iku sing wis
disediakake pihak keraton, biasane sing masak iku abdi dalem lan bojone abdi
dalem sing tugase dadi juru masak keraton, biasane para juru masak, masak
panganan iku ana ning pawon/ dapur keraton.
Miturut bapak tarli ning pelaksanaan acara panjang jimat utawa maulid nabi
muhammad Saw, ana perlengakapan perlengkapan khusus sing digawa abdi dalem,
kaya lonceng, barang barang pusaka, lan liyane, sakwise kuwi lonceng dimunike,
muni lonceng kuwi kanggo tanda pembuka upacara panjang jimat sing dianake jam
21.00 wib lan ditandai karo tiupan pluit sing ngisaratke kepada warga ben
menehi dalan bagi iring-iringan kaluarga keraton sing dibuntuti abdi dalem nuju
langgar alit sing jarake ana 500 meter.
Sakwise pangeran komisi menehi sungkem kepada pangeran patih,
iring-iringan maju. Pangeran patih karo rombongan ana ning paling arep. Ning
perjalanan nuju langgar alit, sekabehe iring-iringan maca sholawatan nabi,
iring iringan rombongan dibuntuti rombongan wanita bangsawan sing ora lagi
datang bulan, dekne gawa barang pusaka keraton, lan perlengkapan rumah tangga
kaya piring, lodor, kendi, lan barang peninggalan sejarah liyane, sakwise acara
rampung, kira-kira jam 24.00 wib tumpeng sing digawa rombongan dibagike kepada
kaluarga sultan, abdi dalem lan warga.
Dekorasi ning acara panjang jimat iki ana tarub, kursi lan liya- liyane
sing disiapke panitia/ abdi dalem sing tugase nyiapkake dekorasi iku, tujuane
kanggo lungguh utawa singgah bagi para tamu keraton.
Miturut humas keraton cirebon
bapak Elang Arief Rahman, ning acara panjang jimat, sakwise lonceng dimunike,
pangeran patih PRM qodiran wakil saka sultan Kanoman XII sultan raja Muhammad
Emirudin sing gunakake jubah emas metu saka ruang mande mastaka nuju bangsal
jinem.
Ning bangsal jinem, pangeran
nerima sungkem saka komisi, rohim, kanggo tanda wis mulai proses panjang jimat,
ning prosesi upacara digelar, pangeran patih ora entuk ngomong setembungpun, iki disimbolkena kanggo simbol
istiqomah.
Ning acara penting
sing dianakena ning keraton cirebon, tuladhane acara satu syura, ulang taun
sultan cirebon, lan panjang jimat utawa maulid nabi muhammad Saw, biasane acara
iku disiarkena langsung tv lokal yaiku cirebon tv, rctv lan didokumentasike
video sing disediakake pihak keraton cirebon kesebut.
Ning ngisor iki susunan
acara panjang jimat utawa maulid nabi muhammad Saw, ning taun 2012 sing kula
entuk saka bapak tarli yaiku:
No
|
Tanggal
aboge
|
Tanggal Nasional
|
Dina
|
Acara
|
Waktu wib
|
Panggonan
|
1
|
1 syafar
|
28 desember
|
Rebo kliwon
|
ngalus
|
18.00
|
|
2
|
13 syafar
|
11 januari
|
Rebo wage
|
Ngerik
Damel lilin
Damel ukup
|
9.00
9.00
9.00
|
Bangsal
Bangsal
Bangsal
|
3
|
25 syafar
|
21 januari
|
Septu wage
|
memayu
|
9.00
|
Sitihinggil,lumpang watu,witana,gedong
jimat,jinem,langgar
|
4
|
27 syafar
|
23 januari
|
Senen legi
|
Damel pawon aji
|
9.00
|
pawon
|
5
|
28 syafar
|
25
januari
|
Rebo pon
|
Tawurji
Ngapem
|
15.00
14.00
|
Jinem
Paseban
|
6
|
1 mulud
|
26 Januari
|
Kamis wage
|
Mipis
|
8.00
|
bangsal
|
7
|
2 mulud
|
27 januari
|
Juma’h kliwon
|
Deres sekaten
|
20.00
|
prabayaksa
|
8
|
7 mulud
|
1 febuari
|
Rebo kliwom
|
nyisir,
nyirami gong sekaten,
saji buah
pelal alit
wiwit mungel gong sekaten
|
9.00
9.00
11.00
20.00
20.00
|
Kapulren
Langger
Bangsal
Langgar
Siti hinggil
|
9
|
10 mulud
|
4 febuari
|
Septu pon
|
Nyirami pacara
Ngubursirah mahesa
Mungkus slawat
|
9.00
9.00
20.00
|
Bangsal
Alun-alun
Kedaton
|
10
|
11 mulud
|
5 febuari
|
Ahad wage
|
Nyirami panjang
Nyisir
Saji buah
Panjang mios lamaran
Pelal ageng panjang jimat
|
9.00
9.00
11.00
16.00
21.00
|
Bangsal dalem
Kaputren
Bangsal
Kedaton
Masjid kanoman
|
11
|
12 mulud
|
6 febuari
|
Senen kliwon
|
Buang takir
|
17.00
|
paseban
|
12
|
15 mulud
|
9 febuari
|
Kemis pon
|
Slametan tumpengan
|
6.00
|
20 pasarean
|
3. Management
Ning acara
panjang jimat iki bapak tarli sing dadi abdi dalem keraton cirebon sing
posisine dadi ranting cabang ( dadi ketua), beliau uga melu ning acara iku saka
awal yaiku saka tanggal 1 syafar sedurunge maulid nabi muhammad tiba, tekan 15
mulud utawa tekan lan sakwise maulid nabi muhammad Saw. Lan biasane yen acara
iki lancar, abdi dalem kuwi dimenehi upah( bonus kira- kira 30.000/ abdi dalem).
Miturut
bapak tarli, yen ana wong sing pengen dadi abdi dalem ning keraton cirebon kuwi
prosese ora gampang, lan seleksine iku ketat. Jabatan abdi dalem diperoleh yen
wong kuwi wis bisa nglewati seleksi, sing awale diawali kegiatan magang tanpa
entuk gaji apa-apa. Wong sing wong tuwane wis kerja dadi abdi dalem biasane
gampang diterima dadi abdi dalem keraton. Mung syarate kuwi bisa ngomong basa
jawa sing becik, sopan santun, lan disiplin.
Sakwise kuwi, penempatane disesauikena karo
kerjaane lan keahliane masing masing. miturut beliau, angele dadi abdi dalem
ning keraton cirebon kuwi ana ning kegiatan magang sing ora entuk gaji lan tuku
perlengkapan dhewek kaya klambi, sanjang/ jarik, samir lan liyane. Perlengkapan
kuwi ora disediakena pihak keraton, wong sing bisa ketrima dadi abdi dalem ning
kraton cirebon kudu diuji ketulusane atine kanggo ngabdi ning kraton cirebon
kuwi.
Miturut
bapak tarli abdi dalem iku ana ning urutan paling ngisor ning sususnan kerja
keraton cirebon, abdi dalem kerja ning ngisore koordinir pengageng. Pengageng
ngisori personalia saka tepas (kantor) lan caos (piket). Struktur sistem kuwi
nunjukena yen masalah sing ana ning keraton lumayan akeh lan rumit. Maka digawe
koordinator sing masing- masing mbawahi bagian kerjane sing saling berkaitan.
Masing-masing bagian iku duweni carik( sekretaris) sing tugase ngelola gaji,
ngelola absensi, ngelola kerjaan, nerima/layani tamu nglaksanaken tugas, lan
kesektariatan, masing masing kawedanan hageng, tepas dan koordinator sing
dipimpin kerabat sultan, pelaksanaan tugas masing masing kawedanan lan tepas
kuwi dilakukena pegawai kraton yaiku abdi dalem.
4. Objek kajian
Ning hal iki abdi dalem
mlebu ning unsur sosial lan ekonomi, amarga abdi dalem kuwi wong sing
ngabdikena panguripane karo penuh rasa ikhlas kepada keraton lan sultane karo
segala aturan sing ana lan ora nuntut apa-apa, lan salah sijine wong sing
kepengin dadi abdi dalem yaiku kanggo goleki ketemtreman batin, iki salah
sijine alasan mengapa ana wong sing dadi abdi dalem.
Ana sing
percaya yen dadi abdi dalem ning keraton bisa gawa bejo kanggo nafkahi
kaluwargane masing-masing. Yen kita mikir ulang bagi mereka sing dadi abdi
dalem yaiku panggilan kanggo ngabdi lan nglayani kaluawarga keraton, namung ana
sing jalankena wasiat saka wong tuwane utawa simbahe sing wis dadi mantan abdi
dalem kanggo neruskena turunan ning kaluwargane.
Ning hal ekonomi, meski wong sing dadi abdi dalem
entuk gaji sathithik, tapi mereka seneng banget lan ikhlas, sing penting halal
lan berkat ‘’celatune bapak tarli’’. Ana pertimbangan lan motivasi sing ndorong
mereka milih dadi abdi dalem keraton.
Saka segi batiniah, alasan sing utama mereka dadi abdi
dalem, pandangan lan prinsip yen dadi abdi dalem bisa gawe ati tentrem lan bisa
ngendalikena hawa nafsu keduniawian, gaji sing sethithik ora dadi halangan
mereka nglaksanaken tugase, amarga sing
digoleki dudu material namung berkah saka sultane.
C.
TELAAH
1. Kebersamaan, abdi dalem duweni jiwa sosial lan
kbersamaan sing solid, mereka biasane saling ngurmati, karo abdi dalem lan
kaluwarga keraton, mereka ora beda-bedake lan mereka wis dianggep kaya
kaluwarga dhewek.
2. Kerjasama, wong
sing dadi abdi dalem duweni jiwa kerjasama, mereka penuh rasa ikhlas saling
bantu lan ora ngarepkena apa apa.
3. Kesopan, persayaratan utama wong sing pengen dadi abdi
dalem itu kudu duweni sifat sopan santun karo wong liya, baik karo kaluwarga
keraton utawa karo abdi dalem dhewek.
4. Bersahabat dengan alam, wong sing dadi abdi dalem
selain ngabdi kepada keraton lan sultanya uga kepengen nglestarikena budaya
keraton iku ben ora punah.
5. Menciptakan
suasana religi, ning hal iki abdi dalem keraton ora mentingkena gaj, namung
mung pengen urip tenang lan ngindari hawa nafsu duniawi, uga mereka percaya yen
ngabdi ning keraton bisa slamet ning dunia utawa akhirat.
6. Hidup pasrah, jelas ning hal iki abdi dalem uripe
pasrah ora nuntun apa apa, dekne ikhlas banget kanggo ngabdi ning keraton lan
sultane.
7. Cinta seni keindahan, abdi dalem emang ikhlas ngabdi
ning keraton lan sultanya, namung uga mereka seneng lan bangga yen kondisi
keraton tetep apik lan nilai sejarahe tetep ana.
8. Hormat kepada
pemimpin, jelas kabeh abdi dalem mesti hormat karo pimpinane lan kabeh abdi
dalem manut yen dikon ning sultane.
D.
PENUTUP
Segala puji kanggo
Allah Swt, sing wis maringi
rahmat lan hidayahe, saengga kula bisa rampungake tugas nyantrik kula, lan ora
lali karo sing mbiyantu, saengga makalah iki bisa dirampungke, khususe dosen
kula, bapak didik lan guru nyantrik kula bapak tarli. Kula nyuwun agunging
pangampunten yen makalah iki akeh kekirangan.
Yen makalah kula
bisa luwih apik, kula ngarepkena bagi para pembaca menehi kritik lan saran
supaya kula bisa gawe makalah sing luwih apik maneh. Muga- muga makalah sing
kula gawe iki bisa menehi wawasan pendidikan lan bermanfaat kanggo panjenengan
lan bisa menginspirasi panjenengan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar