"Dina Pendidikan Nasional"
contoh artikel
bahasa jawa tentang pendidikan Dina Pendidikan Nasional yaiku dina saka jati
dirining bangsa yaiku dina pendidikan biso nggambarke utawa ruh saka bangsa
awake dewe, bangsa sing gedhe yaiku bangsa kang peduli marang pendidikan, lan
pendidikan yaiku modal awal saka perkembangan bangsa. Ngomongke babagan
pendidikan mesti awake dewe tepung dening tokoh Ki Hajar Dewantara, awit saka
kuwi aku arep ngupas sosok Ki Hajar Dewantara lan Dina Pendidikan Nasional
Ngapa, Geneya, lan Kepriye Pendidikan Nasional ing pandangan Ki Hajar
Dewantara. “TANAH air kita meminta korban. Dari di sinilah kita, siap sedia
memberi korban yang sesuci-sucinya… sungguh, korban dengan ragamu sendiri
adalah korban yang paling ringan… memang awan tebal dan hitam menggantung di atas
kita. Akan tetapi percayalah di baliknya masih ada matahari yang bersembunyi…
kapan hujan turun dan udara menjadi bersih karenanya?” (Ki Hadjar Dewantara).
Sapa sing ora kenal sosok tokoh pendidikan Bapak Ki Hadjar Dewantara, tokoh
sing duwe jasa bangun pendidikan ning Indonesia. Ki Hadjar kang duwe jeneng
asli R.M. Suwardi Suryaningrat yaiku tokoh pendidikan nasional. Kegiatane
diwiwiti minangka jurnalis ing pirang-pirang layang kabar karo EFE Douwes
Dekker, ngelola De Expres. Ki Hadjar aktif dadi pengurus Boedi Oetomo lan
Sarikat Islam. Sakbanjure karo Cipto Mangun Kusumo lan EFE Douwes Dekker —
dijuluki ”Tiga Serangkai” — Deweke ngedekke Indische Partij, organisasi politik
kaping siji ing Indonesia sing kanthi tegas nuntuk Indonesia mardika. Ing zaman
Jepang, peran Ki Hadjar tetep menonjol. Karo Soekarno, Hatta, lan Mas Mansur,
dijuluki “Empat Serangkai”, mimpin organisasi Putera. Nalika mardika, Ki Hadjar
dadi Menteri Pengajaran Kapisan. Ajaran kepemimpinan Ki Hadjar Dewantoro sing
poluler ing kalangan masyarakat yaiku Ing Ngarso Sun Tulodo, Ing Madyo Mbangun
Karso, Tut Wuri Handayani. Sing intine pemimpin kudu duwe sifat kasebut supaya
iso dadi panutan kanggo bawahan utawa anak buahnya. Ing Ngarso Sun Tulodo
artine Ing ngarso kuwe didepan , Sun sekang kata Ingsun sing artine saya,
Tulodo berarti tauladan. Dadi makna Ing Ngarso Sun Tulodo kuwe dadi pemimpin
kudu bisa ngewei suri tauladan nggo anak buahe. Saiki akeh pemimpin sing sikap
lan prilakune ora kena dadi panutan nggo anak buaeh. Ing Madyo Mbangun Karso,
Ing Madyo artine neng tengah tengah. Mbangun berarti membangkitan atau
menggugah lan Karso berarti niat. Maknane, dadi pemimpin neng tengah kesibukane
kudu mampu mbangkitna semangat kerja bawahane. Tut Wuri Handayani, Tut Wuri
artinya ngikuti sekang mburi lan handayani artine ngewei dorongam moral.
Maknane, komandan utawi pimpinan kudu bisa ngewei dorongan moral sekang mburi
ben bawahane nduweni semangat kerja. Kanggo ngenang jasa suwargi, mula Pengetan
Dina Pendidikan Nasional 2 Mei ora iso dipisahke saka sosok Ki Hadjar
Dewantara, tokoh kang jasa majuke pendidikan ing Indonesia. Mugo-mugo awak dewe
generasi enom bisa nglanjutke cita-cita beliau, lan iso ngamalke ajaran sing
uwis di babarke dening Ki Hajar Dewantara. (Amin) Dikarang nang Dias Oktri Raka
Setiadi Lan diedit saitik nang Faiz Agil Wirawan.
http://burung-net.blogspot.com/2014/11/contoh-artikel-bahasa-jawa-tentang-pendidikan.html
Hargai penulis, jangan hapus sumber ini.
http://burung-net.blogspot.com/2014/11/contoh-artikel-bahasa-jawa-tentang-pendidikan.html
Hargai penulis, jangan hapus sumber ini.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar