cerpen
IDU
Kursi taman sing umure
lumayan sepuh, pinggir-pinggire akeh wit-wit gedhe sing arep nyekel langit, lan
angine sing sumilir gawe ati tentrem kaya ana ning surga nomer siji, lungguh
wong tua karo anake, anake sing rada nakal kaya wong kesetanan, namung wong
tuane becik kaya malaikat sing mudhun saka kayangan, anake sing durung duwe
tata krama, namung wong tuane duweni rasa tresna marang anake.
Banyu sing metu saka
cangkem anak iku, mudhun ning plataran sing pinggirane akeh wong lagi lungguh
lan mangan. Wong- wong kuwi delengi anak iku karo ngomongi wong tuane sing
raine wis abang mrenang, ‘’ngapunten, putrane panjenengan boten gadhah tata
krama toh, ngidu kog sapenake dhewek,’’celatune wong sing lungguh kuwi, ‘’
inggih, nyuwun agunging pangapunten inggih pak kaliyan ibu, putra kula boten
mengertos, amargi putra kula taksih alit,’’celatune wong tuane karo ngumpeti
rasa isine’’.
Lajeng wong tuane ngomong
karo anake ‘’kowe do, menawa ning panggonan umum kuwi aja ngidu, kriyak, lan
sisih sapenake dhewek ya, amarga ora sopan,akeh wong liya sing luwih tua karo
kowe, ‘’ inggih pak kula nyuwun agunging pangapunten amarga kula supe, menika
panggonan umum, ‘’ celatune anake, ‘’ ya aja ngulangi maneh ya, ‘’ inggih pak,
kula janji boten ngulangi malih.
Lajeng wong tua karo
anake lunga saka kursi tua iku kangge ngindari rasa isin karo wong-wong sing
ning kana..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar