SERAT WULANGREH
Program digital ini dikembangkan untuk
melestarikan dalam mendukung proses pelestarian sastra daerah di Indonesia.
Hasil dari program digital ini berupa karya sastra Jawa yang disalin dalam
bentuk teks digital format pdf. Semoga tujuan blog
www.alangalangkumitir.wordpress.com adalah menjadi salah satu sumber digital
karya-karya sastra Jawa dapat dibaca, ditelusuri atau diunduh oleh para
sutrisna budaya ataupun masyarakat secara bebas.
WULANGREH Yasa Dalem : Sri Susuhunan
Pakubuwana IV
PUPUH I DHANDHANGGULA
01 Pamedare wasitaning ati, ujumantaka
aniru Pujangga, dahat muda ing batine. Nanging kedah ginunggung, datan wruh yen
akeh ngesemi, ameksa angrumpaka, basa kang kalantur, turur kang katula-tula,
tinalaten rinuruh kalawan ririh, mrih padanging sasmita.
02 Sasmitaning ngaurip puniki, mapan ewuh
yen ora weruha, tan jumeneng ing uripe, akeh kang ngaku-aku, pangrasane sampun
udani, tur durung wruh ing rasa, rasa kang satuhu, rasaning rasa punika,
upayanen darapon sampurna ugi, ing kauripanira.
03 Jroning Quran nggoning rasa yekti,
nanging ta pilih ingkang unginga, kajaba lawan tuduhe, nora kena den awur, ing
satemah nora pinanggih, mundak katalanjukan, tedah sasar susur, yen sira ajun
waskita, sampurnane ing badanira, sira anggugurua.
04
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
2
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
lamun sira anggeguru kaki, amiliha manungsa kang nyata, ingkang becik martabate, sarta kang
wruh ing chukum, kang ngibadah lan kang wirangi, sokur oleh wong tapa, ingkang
wus amungkul, tan mikir pawewehing liyan, iku pantes sira guronana kaki,
sartane kawruhana.
05 Lamun ana wong micara kaki, tan mupakat
ing patang prakara, aja sira age-age, anganggep nyatanipun, saringana dipun
baresih, limbangen lan kang patang : prakara rumuhun, dalil qadis lan ijemak,
lan kijase papat iku salah siji, ana-a kang mupakat.
06 Ana uga den antepi, yen ucul saka patang
prakara, nora enak legetane, tan wurung tinggal wektu, panganggepe wus
angengkoki, aja kudu sembahyang, wus salat kateng-sun, banjure mbuwang sarengat, batal haram nora
nganggo den rawati, bubrah sakehing tata.
07 Angel temen ing jaman puniki, ingkang
pantes kena ginuronan, akeh wong jaya ngelmune, lan arang ingkang manut, yen
wong ngelmu ingkang netepi, ing panggawening sarak, den arani luput, nanging ta
asesenengan, nora kena den wor kakarepaneki, pancene prijangga.
08 Ingkang lumrah ing mangsa puniki, mapan
guru ingkang golek sabat, tuhu kuwalik karepe, kang wus lumrah karuhun, jaman
kuna mapan si murid, ingkang pada ngupaya, kudu angguguru, ing mengko iki ta
nora, Kyai Guru narutuk ngupaya murid, dadiya kantira.
PUPUH II K I N A N T H I
01 Padha gulangen ing kalbu, ing sasmita
amrih lantip, aja pijer mangan nendra, kaprawiran den kaesthi pesunen
sariranira, sudanen dhahar lan guling.
02 Dadiya lakuniraku, cegah dhahar lawan
guling, lawan ojo sukan-sukan, anganggowa sawatawis, ala watake wong suka,
nyuda prayitnaning batin.
03 Yen wus tinitah wong agung, ywa sira
gumunggung dhiri, aja nyelakaken wong ala, kang ala lakunireki, nora wurung
ngajak-ajak satemah anenulari.
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
3
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
04 Nadyan asor wijilipun, yen kelakuwane
becik, utawa sugih cerita, kang dadi misil, yen pantes raketana, darapon
mundhak kang budi.
05 Yen wong anom pan wus tamtu, manut
marang kang ngadhepi, yen kang ngadhep akeh durjana, tan wurung bisa anjuti,
yen kang ngadhep akeh bongsa, nora wurung dadi maling.
06 Sanadyan nora melu, pasti wruh lakuning
maling, kaya mangkono sabarang, panggawe ala puniki, sok weruha gelis bisa,
yeku panuntuning iblis.
07 Panggawe becik puniku, gampang yen wus
den lakoni, angel yen durung linakwan, aras-arasen nglakoni, tur iku den
lakonana, mufa’ati badanneki.
08 Yen wong anom-anom iku, kang kanggo ing
masa iki, andhap asor dipun bucal, unbag gumunggung ing dhiri, obrol umuk kang
den gulang, kumenthus lengus kumaki.
09 Sapa sira sapa ingsun, angalunyat sarta
edir, iku lambanging waong ala, nom- noman adoh wong becik, emoh angrungu
carita, kang ala miwah kang becik.
10 Cerita kang wus kalaku, panggawe ala lan
becik, tindak bener lan becik, tindak bener lan kang salah, kalebu jro
caritareki, mulane aran carita, kabeh-kabeh den kawruhi.
11 Mulane wong anom iku, abecik ingkang
taberi, jejagongan lan wong tuwa, ingkang sugih kojah ugi, kojah iku
warna-warna, ana ala ana becik.
12 Ingkang becik kojahipun, sira anggawa
kang remit, ingkang ala singgahana, aja niat anglakoni, lan den awas wong kang
kojah, ing lair masa puniki.
13 Akeh wong kang bisa muwus, nanging den
sampar pakolih, amung badane priyangga, kang den pakolihaken ugi, panastene
kang den umbar, nora nganggo sawatawis.
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
4
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
14 Aja ana wong bisa tutur, amunga ingsun
pribadhi, aja ana amemedha, angrasa pinter ngluwihi, iku setan nunjang-nunjang,
tan pantes dipun cedhaki.
15 Singakna den kaya asu, yen wong kang
mangkono ugi, dahwen open nora layak, yen sira sadhinga linggih, nora wurung
katularan, becik singkiorana kaki.
16 Poma-poma wekasingsun, mring kang maca
layang iki, lan den wedi mring wong tuwa, ing lair prapto ing batin, saunine
den estokna, ywa nambuh wulang kang becik.
PUPUH III G A M B U H
01 Sekar gambuh ping catur, kang cinatur
polah kang kelantur, tanpa tutur katula-tula katali, kadaluwarsa katutuh
kapatuh pan dadi awon.
02 Aja nganti kebanjur, barang polah
ingkang nora jujur, yen kebanjur kojur sayekti tan becik, becik ngupayaa iku,
pitutur ingkang sayektos.
03 Pitutur bener iku, sayektine kang iku
tiniru, nadyan melu saking wong sudra papeki, lamun becik wurukipun, iku pantes
sira anggo.
04 Ana pocapanipun, adiguna adigang
adigung, pan adigang, kidang adigung pinasti, adiguna ula iku, telu pisan mati
samyoh.
05 Sikidang umbagipun, angendelaken kebat
lumpatipun, pan si gajah angendelken gung ainggil, ula ngendelaken iku, mandine
kalamun nyakot.
06 Iku upamanipun, aja ngendelaken sira
iku, tukang Nata iya sapa kumawani, iku ambeke wong digung, ing wasana dadi
asor.
07
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir 5
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
Ambek digang puniku, angungasaken
kasuranipun, para tantang candala anyenyampahi, tinemenan boya purun, satemah
dadi geguyon.
08 Ing wong urip puniku, aja nganggo ambek
kang tetelu, anganggowa rereh ririh ngatiati, den kawang-kawang barang laku,
den waskitha solahing wong.
09 Dening tetelu iku, si kidang suka ing
panitipun, pan si gajah alena patinireki, si ula ing patinipun, ngedelken upase
mandos.
10 Tetelu nora patut, yen tiniru mapan dadi
luput, titikane wong anom kurang wewadi, bungah akeh wong kang ngunggung,
wekasane kajalomprong.
11 Kumprung wong pengung bingung, wekasane
lali nora eling, yen den gunggung katone muncu-muncu, wong pengung saya dadi,
kaya wudun meh mencothot.
12 Ing wong kang anggunggung, mung sepele
iku pamrihipun, mung warege wadhuke klimising lathi, lan telese gondhangipun,
rerubo alaning uwong.
13 Amrih wareke iku, yen wus warek gawe nuli
gawe umuk, kang wong akeh kang sinuprih padha wedi, amasti tanpa pisungsung,
adol sanggap sakehing wong.
14 Yen wong mangkono iku, nora pantes
pedhak lan wong agung, nora wurung anuntun panggawe juti, nanging ana
pantesipun, wong mangkono didhedhoplok.
15 Aja kakehan sanggup, durung weruh tuture
agupruk, tutur nempil panganggepe wruh pribadi, pangrasane keh wong nggunggung,
kang wus weruh amelengos.
16 Aja nganggo sireku, kalakuwan kang
mangkono iku, nora wurung cinirenen den titeni, mring pawong sanak kang weruh,
nora nana kang pitados.
PUPUH IV P A N G K U R
01
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
6
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
Kang sekar pangkur winarna, lelabuhan kang
kanggo ing wong urip, ala lan becik puniku, prayoga kawruhana, adat waton
puniku dipun kadulu, miwah ta ing tata krama, den kaesthi siyang ratri.
02 Deduga lawan prayoga, myang watara
reringa aywa lali, iku parabot satuhu tan kena tininggala, tangi lungguh
angadeg tuwin lumaku angucap meneng myang nendra, duga-duga aja kari.
03 Miwah ta sabarang karya, ing prakara
gedhe kalawan cilik, papat iku datan kentun, kanggo sadina-dina, rina wengi
neng praja miwah ing dhusun, kabeh kang padha ambekan, papat iku aja lali.
04 Kalamun ana manungsa, tan anganggo ing
duga lan prayogi, iku watake tan patut, awor lawan wong kathah, degsura
ndaludur tan wruh ing edur, aja sira pedhak- pedhak nora wurung neniwasi.
05 Pan wus watake manungsa, pan ketemu ing
laku lawan linggih, solah muna mininipun, pan dadi panengeran ingkang pinter
kang podho miwah kang luhung, kang sugih lan kang melarat, tanapi manungsa
singgih
06 Tinitik solah muna, lawan malih ing laku
lawan linggih, iku panengeranipun, winawas ginrotan, pramilane ing wong
kuna-kuna iku, yen amawas ing sujalma, datan amindho gaweni.
07 Ginulang sadina-dina, wewekane ing basa
lan basuki, ing jubriya-kibiripun, sumungah lan sesongaran, mung sumendhe
sakarsanira Hyang Agung, ujar sirik kang rineksa, kautaman ulah wadi.
08 Ing masa mengko pan nora, kang katemu
laku basa basuki, ingkang lumrah wong puniku, dhengki srei lan dora, iren meren
pisastene pan kumingsun,sasolahe tan prasaja, jail mutakil basiwit.
09 Alaning liyan den andhar, ing becike
liya kang den simpeni, becike dhewe ginunggung,
kinarya pasamuan, tan rumasa alane dhewe ngandhukur, wong mangkono
wewatekny, nora pantes den pedhaki.
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
7
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
10 Iku wong durbala murka, nora nana mareme
jroning ati, sabarang karepanipun, sanadyan wus katekan, arep maneh nora marem
saya mbanjur, luwamah lawan amarah, iku kang den tuti wuri.
11 Ing sabarang solah tingkah, ing pangucap
tanapi nyang alinggih, tan suka sor ambekipun, pan lumuh kaungkulan, ing
sujalma pangrasane dhewekipun, tan ana kang
madhanana, angrasa luhur pribadi.
12 Aja nedya katempelan, watek ingkang tan
becik tinutwuri, watek rusuh nora urus, tunggal lawan manungsa, dipun sami
anglabuhi kang apatut, parapan dadi tuladha, tinula mring wong kang becik.
13 Aja lunyu lumur genjah, angrong
prasanakan nyumur gumuling, ambubuti arit puniku, watak kang tan raharja, pan
wong lunyu nora kena dipun enut, monyar- manyir tan antepan, dela lemeran
puniku.
14 Para panginan tegesnya, genjah iku
cecegan barang kardi, angrong prasanak liripun, karem ulah miruda, mring rabine
sadulur miwah bebatur, tuwin sanak prasanakan, sok senenga dan ramuhi.
15 Nyumur guling punika, ambelawah datan
duwe wewadi, nora kene rubung-rubung, wadine kang den urap, mbuntut arit punika
pracekanipun, apener neng pangarepan, nggarretel dumunung wuri.
16 Sabarang kang dipun ucap, nora wurung
mung plehe pribadi, iku lelabuhan patut, aja nedya anelad, ing wateke kangnem
prakoro punika, kang sayogya ngupayoa, anglir mastimbul ing warih.
PUPUH V MASKUMAMBANG
01 Nadyan silih bapa biyung kaki nini,
sadulur myang sanak, kalamun muruk tan becik, nora pantes yen den nuta.
02
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
8
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
Apan koyo mangkono watekanneki, sanadyan
wong tuwa yen duwe watak tan becik, miwah ing tindak prayoga.
03 Aja sira niru tindak kang tan becik,
sanadyan wong liya, lamun pamuruke becik, miwah ing tindak prayoga.
04 Iku pantes yen sira tiruwa kaki, miwah
bapa biyung, amuruk watek kang becik, kaki iku estokena.
05 Wong tan manut tuture wong tuwa ugi, pan
nemu duraka, ing donya tumekeng akhir, tan wurung kasurang-surang.
06 Maratani mring anak putu ing wuri, den
padha prayitna, aja ana kang kumawani, ing bapa tanapi biyang.
07 Ana uga etang etangane kaki, lelima
sinembah, dununge sawiji-wiji, sembah lelima punika.
08 Ingkang dening rama iku kaping kalih,
marang maratuwa, lanang wadon kaping katri, lan marang sadulur tuwa.
09 Kaping pat marang guru kang sayekti,
sembah kaping lima marang Gustinira yekti, pacincene kawruhana.
10 Pramila rama ibu den bekteni, kinarya
jalaran, anane badanireki, kinawruhan padhang hawa.
11 Uripira pinter samubarang kardi, saking
ibu rama, ing bating saking Hyang Widdhi, milane wajib sinembah.
12 Pan kinarsakake marang ing Hyang Widdhi,
kinarya lantaran, ana ing dunya puniki, nyalaki becik lan ala.
13
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
9
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
Saking ibu rama margane udani, miwah maratuwa, lanang wadon den bekteni, aweh rasa
ingkang nyata.
14 Sajatine rasa kang mencarke wiji, sembah
kaping tiga, mring sadulur tuwa ugi, milane sadulur tuwa.
15 Pan sinembah gegantining rama ugi, pan
sirnaning wong tuwa, sadulur tuwa gumanti, inkang pantes sira tuta.
16 Iba warah wuruke ingkang prayogi, sembah
kang kaping papat, marang ing guru sayekti, marmane guru sinembah.
17 Kang pituduh marang marganing ngaurip,
tumekeng antaka madhangken petenging ati, mbeneraken marga mulya.
18 Wong
duraka ing guru abot sayekti, mila den prayitna, minta sih siyang ratri,
ywa nganti suda sihira.
19 Kaping lima dununge sembah puniki, mring
Gusti kang Murba, ing pati kalawan urip, paring sandhang lawan pangan.
20 Wong neng dunya wajib manuta mring
Gusti, lawan para lurah, sapratingkahe den esthi, aja dumeh wis awirya.
21 Nora putra santana wong cilik, pan padha
ngawula, pan kabeh namani abdi, yen dosa kukume padha.
22 Yen rumasa putra santana sireki, dadine
tyasira angenira sayekti, tan wurung anemu papa.
23 Angungasken putra sentananing Aji, iku
kaki aja, wong suwita nora becik, kudu wruh ing karsanira.
24
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
10
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
Yen tinuduh saking Sang Maha Narpati,
barang pituduhnya, poma estokna sayekti, karyanira sungkemana.
25 Aja menceng saprintahe sang siniwi, den
pethel aseba aywa malincur ing kardi, lan aja ngepluk sungkanan.
26 Luwih ala alane ing wong ngurip, wong
ngepluk sungkanan tan patut ngawuleng Gusti, ngengera sepadha-padha.
27 Nadyan ngenger neng biyungira pribadi,
yen karya sungkanan nora wurung den srengeni, yen luput pasti pinala.
28 Apa kaya mangkono ngawuleng Gusti,
kalamun leleda, tan wurung bilahi, ing wuri aja ngresula.
29 Pan kinarya dhewe bilahinireki, lamun
tan temene, barang pakaryane Gusti, lahir batin ywa suminggah.
30 Apa Ratu tan duwe kadang myang siwi,
sanak prasanakan, tanapi garwa kekasih, pan mung bener agemira.
31 Kukum adil pan mung iku kang kaesthi,
mulata padha den rumeksa Gusti, endi lire wong rumeksa.
32 Dipun gemi nastiti lan ngati-ati, gemi
mring kagungan, ing Gusti ywa sira wani, anggegampang lawan aja.
33 Wani-wani nuturken wadining Gusti, den
bisa rerawat, ing wewadi sang siniwi, nastiti barang parentah.
34 Ngati-ati ing rina kalawan wengi, ing
rumeksanira, lan nyandhang karsaning Gusti, Duduke wuluh kang tampa.
PUPUH VI
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
11
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
DUDUK WULUH
01 Wong ngawula ing Ratu luwih pakewuh,
nora kena minggrang-minggring, kudu mantep karyanipun setya tuhu marang Gusti,
dipun purut sapakon.
02 Apan Ratu kinarya wakil Hyang Agung,
marentahaken hukum adil, pramila wajib den emut, sapa tan anut ing Gusti, mring
parentahe Sang Katong.
03 Aprasasat batali karsa Hyang Agung,
mulane babo wong urip, sapirsa suwiteng Ratu, kudu eklas lair batin, aja nganti
nemu ewoh.
04 Ing wurine yen ati durung tuwajuh, angur
baya aja ngabdi, angur ngidunga karuhun, aja age-age ngabdi, yen durung eklas
ing batos.
05 Ngur ngidungan bae nora ana pakewuh, lan
nora nana kang ngiri, mungkul tutug karepipun, nora susah tungguk kemit, sarta
seba lurahe nganggo.
06 Nanging iya abote wong ngidung iku,
keneng patrol pinggir margi,lamun nora patrol nglurung, keneng lenga pendhak
sasi,katru lurahe sabotol.
07 Lan yen ana tetontonan aneng
lurung,kemul bebede sasisih,saha mbanda tanganipun, glindhang-glindhung tanpa
keris,andhodhok pinggiring bango.
08 Parandene jroning tyas kaya tumenggung,
mengku bawat Senen Kemis, mankono ambeki reku, nora kaya wong ngabdi, wruh
plataraning Sang Katong.
09 Lan kelingan sarta ana aranipun, lan ana
lungguhe ugi, ing salungguh- lungguhipun, nanging ta dipun pakeling, mulane
pinardi katong.
10 Samubarang ing karsaning Sang Prabu,
sayekti kudu nglakoni, sapalakartine iku, lamun wong kang padha ngabdi,
panggaweyane pan seyos.
11
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
12
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
Kaya iku bopati kliwon panewu, luwin mantri
lawan miji, panglaweyan miwah pajang, tuwin kang para prajurit, kang
nambut.
12 Kabeh iku kuwajiban sebanipun, ing dino
kang amarengi, wiyosanira sang Prabu, sanadyan tan miyos ugi, pasebane aja
towong.
13 Yen kang lumrah yen karep seba wong iku,
nuli ganjaran den incih, lamun nora yen tan nuli mutung, iku laku sewu sisip,
yen wus mangerti ingkang wong.
14 Tan mangkono etunge kang wus sumurup,
yen iku nora pinikir, ganjaran pan wus rumuhun mung amamrih sihing Gusti,
winales ing lair batos.
15 Setya tuhu barang saprentah manut, ywa
nglegani karseng Gusti, wong ngawula paminipun, lir sarah aneng jaladri, darma
lumampah sapakon.
16 Dening beja cilaka utawa luhur, asor
luhur wus pasti, ana ing bebadanira, aja sok anguring uring, Gusti nira inggih
Sang Katong.
17 Mundhak ngakehaken ing luputireku, mring
Gusti tuwin Hyang Widdhi, dening ta sabeneripun, temen pasti lawan takdir, mring
badan tan kena megoh.
18 Tulisane lokhil makful kang runuhun,
pepancene kang wus pasti, tan kena owah sarambut, tulise badanireki ywa ana
mundur sapakon.
PUPUH V D
U R M
A
01 Dipun sami ambanting ing badanira,
nyudha dhahar lan guling, darapon sudaa, nepsu kang ngambra-ambra, rerema ing
tyasireki, dadya sabarang, karyanira lestari.
02 Ing pangrawuh lair batin aja mamang, yen
sira wus udani, mring sariranira, lamun ana kang Murba, masesa ing alam kabir,
dadi sabarang, pakaryanira ugi.
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
13
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
03 Bener luput ala becik lawan beja, cilaka
mapan saking, ing badan priyangga, dudu saking wong liya, mulane den ngati-ati,
sakeh dirgama, singgahana den
eling.
04 Apan ana sesiku telung prakara, nanging
gedhe pribadi, puniki lilira, yokang telung prakara, poma ywa nggunggung
sireki, sarta lan aja, nacat kepati
pati.
05 Lawan aja maoni sabarang karya,
sithik-sithik memaoni, samubarang polah, tan kena wong kumlebat, ing masa
mengko puniki, apan wus lumrah, uga padha maoni.
06 Mung tindake dhewe datan winaonan,
ngrasa bener pribadi, sanadyan benera, yen tindake wong liya, pasti den arani
sisip, iku wong ala, ngganggo bener pribadi.
07 Nora nana panggawe kang luwih gampang,
kaya wong memamaoni, sira eling- eling,
aja sugih waonan, den sami salajeng budi, ingkang prayoga, sapa-sapa
kang lali.
08 Ingkang eling iku padha angilangna,
marang sanak kanca kang lali, den nedya raharja, mangkono tindakira, yen tan
nggugu liya uwis, teka menenga, mung aja
sok ngrasani.
09 Nemu dosa gawanen sakpadha-padha, dene
wong ngalem ugi, yen durung pratela, ing
temen becikira, aja age nggunggung kaki, meneh tan nyata, dadi cirinireki.
10 Dene kang wus kaprah ing masa samangkya,
yen ana den senengi, ing pangalemira, pan kongsi pandirangan, matane kongsi
malirik, nadyan alaa, ginunggung becik ugi.
11 Aja gelem aja mada nora bisa, yen uga
masa mangkin iya ing sabarang, yen nora sinenengan, den poyok kapati pati, nora
prasaja, sabarang kang den pikir.
12
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
14
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
Ngandhut rukun becike ngarep kewala, ing
wuri angarsani, ingkang ora-ora, kabeh kang rinasanan, ala becik den rasani,
tan parah-parah, wirangronge gumanti.
PUPUH VI WIRANGRONG
01 Den samya marsudeng budi, wuweka dipun
was paos, aja dumeh bisa muwus, yen tan pantes ugi, sanadya mung sekecap, yen
tan pantes prenahira.
02 Kudu golek masa ugi, panggonan lamun
miraos, lawan aja age sira muwus, durunge den kaesthi, aja age kawedal, yen
durung pantes lan rowang.
03 Rowang sapocapan ugi, kang pantes ngajak
calathon, aja sok metuwo wong celathu, ana pantes ugi, rinungu mring wong
kathah, ana satengah micara.
04 Lan welinge wong ngaurip, aja ngakehken
supaos, iku gawe reged badanipun, nanging masa mangkin, tan ana itungan
prakara, supata ginawe dinan.
05 Den padha gemi ing lathi, aja ngakehke
pepisoh, cacah cucah erengan ngabul- abul, lamun tan lukani, den dumeling
dosanya, mring abdi kang manggih duka.
06 Lawan padha den pakeling, teguhna lahir
batos, aja ngalap randhaning sedulur, sanak miwah abdi, karsa rewang sapasang,
miwah maring pasanakan.
07 Gawe salah graitaning, ing liyan kang
sami anom, nadyan lilaa lanangipunkang angrungu elik, ing batin tan pitaya,
masa kuranga wanodya.
08 Gawe salah graitaning, ing liyan tan
sami anom, nadyan lilaa lananganipun, kang ngrungu elik, ing batin tan pitaya,
masa kuranga wanodya.
09 Tan wurung dipun cireni, ing batin
ingaran rusoh, akeh jaga-jaga jroning kalbu, arang ngandel batin, ing tyase
padhasuda, pangandele mring bendara.
10
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir 15
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
Anu
cacat agung malih, anglangkungi saking awon, apan sakwan iku akeh pun,
dhingin wong madati, pindho wong ngabotohan, kaping tiga wong durjana.
11 Kaping
sakawane ugi, wong ati sudagar awon, mapan suka sugih watekipun, ing
rina lan wengi, mung batine den etang, alumuh lamun kalonga.
12 Iya upamane ugi, duwe dhuwit pitung
bagor, mapan nora marem ing tyasipun, ilanga sadawa, gegetun patang warsa,
padha lan ilang saleksa.
13 Wong ati sudagar ugi, sabarang prakara
tamboh, amung yen ana wong teka iku, anggegawe ugi, gegadhen pan tumanggal,
ulate teka sumringah.
14 Dene
wong durjana ugi, nora ana den batos, rina wengi mung kang den etung,
duweke liyan nenggih, dahat datan prayoga, lamun wateke durjana.
15 Dene bebotoh puniki, sabarang pakaryan
lumoh, lawan kathah linyok para padha, yen pawitan enting tan wurung
anggegampang, ya marang darbeking sanak.
16 Nadyan wasiyating kaki, nora wurung dipun
edol, lamun menang endang gawe angkuh, pan kaya bopati, wewah tan ngarah-arah,
punika awoning bangsat.
17 Kepatuh pisan memaling, tiniteran saya
awon, apan boten wonten panedinipun, pramilane sami, sadaya nyinggahana,
anggegulang ngabotohan.
18 Dene ta wong akng madati, sesade kemawon
lumuh, amung ingkang dados senengipun, ngadep diyan sarwi, linggih ngamben
jejegang, sarwi leleyang bebuden.
19 Yen leren nyeret, netrane pan merem
karo, yen wus ndadi awake akuru, cahya biru putih, njalebut biru toya, lambe
biru untu petah.
20 Beteke satron lan gambir, jambe suruh
arang wanuh, ambekane sarwi melar mingkus, atuke anggigil, jalagra aneng
dhadha, tan wurung ngestop boliro.
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir 16
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
21 Yen mati nganggo ndalinding, suprandene
npra kapok, iku padha singgahana patut, ja ana nglakoni, wong mangan apyun ala,
urpe dadi tontonan.
22 Iku kabeh nora becik, aja na wani
anganggo, panggawe patang prakara iku, den padha pakeling, aja na wani nerak,
kang wani nerak tan manggih arja.
23 Lawan ana waler malih, aja sok anggung
kawuron, nginum, sajeng tanpa masa iku, dadi lire ugi, angombe saben dina, pan
iku watake ala.
24 Lan aja karem sireki, ing wanodya
ingkang awon, lan aja mbuka wadi siraku, ngarsaning pawestri tan wurung nuli
corah, pan wus lumprahing wanita.
25 Tan bisa simpen wewadi, saking rupake
ing batos, pan wus pinanci dening Hyang agung, nitahken pawestri, apan iku
kinarya, ganjaran marang wong priya.
26 Kabeh den padha nastiti, marang pitutur
kang yektos, aja dumeh tutur tanpa dapur, yen bakale becik, den anggo weh
manfaat, kaya Pucung lan kaluwak.
PUPUH VII P U C U N G
01 Dipun sami marsudi ing budinipun, weweka
den awas, aja dumeh bisa angling, den apantes masa kalane micara.
02 Nadyan namung sakecap yen nora patut,
prenah ing wicara, sadurunge den kaesthi, awasane semune rewang alenggah.
03 Lawan aja sok metua wong celathu, aneng
pasamuwan, ora pantes kang kawiji, ora ana kang kasimpen ing wardaya.
04 Wicara
kang kawetu aja kabanjur, nganggowa prayoga, arahen kang ngati-ati, yen
wus melu nora kena tinututan.
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
17
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
05 Milanipun den prayitna wong celathu, aja
sok supata, pan dadi regeding urip, yen micara larangana ngucap tobat.
06 Iku dadi cilakane ing uripmu, poma-poma
padha, den gemi wedaling lati, masa mangke supata ginawa dinan.
07 Akeh tiru pangucap saru rinungu, anut
ukaning tyas, tan ana kang angukumi, ukuming Hyang kinurangan sandhang
pangan.
08 Lawan aja terocoh sugih pepisuh, ngucap
cacah cucah, anyenengi batur sisip, yen duduka den dumeling sisipira.
09 Iku padha den teguhana den kukuh, lawan
aja sira, angalap randhaning abdi, miwah sanak kanca satunggal sapangan.
10 Gawe salah graita kang padha ngrungu,
sanadyan lilaa, iya kang anduwe rabi, sanakira ilang pitayaning mana.
11 Nora wurung sinebut kalamun rusuh, batur
ira padha, suda pangandeling batin, mring bandara masa kuranga parawan.
12 Lawan aja cacad ingkang luwih agung, pan
patang prakara, ingkang dingin wong madati, pindho botoh ping telune wong
durjana.
13 Kaping pate wong budi saudagar tambah,
sabarang prakara, mung mungkul suka lan sugih, rina wengi mung bathine kang den
etang.
14 Lumuh kalong tur wus nyekel reyal satus,
kalonge sareyal, gegetune sangang sasi, durung marem yen durung simpen
saleksan.
15 Mung sukane yen ana dhedhayoh muncul,
nggawa gandhen emas, anenembung utang dhuwit, sumarangal ulate teka sumringah.
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
18
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
16 Wong durjana kang kaesthi siang dalu,
mung wong sugih arta, kang den incih den malingi, luwih ala-alane budi
durjana.
17 Botoh iku sabarang panggawe lumuh, para
padu dura, lamun pawitane enting, ora
wurung nggegampang duweking sanak.
18 Nora etung wasiyate kaki buyut, tan
nganggo den eman, barang wesi tumbak keris, nora wurung ingedol wataking
bangsat.
19 Lamun menang angkuhe kaya wong agung,
belaba aloma, tan anganggo ngeman picis, nora nganggo kira-kira weweh
sanak.
20 Dene lamun kabutuh tanwurung nguthuh,
mring tetangganira, yen kalimpe denmalingi, mula aja karem nggegulang
botohan.
21 Dene yen wong madati keset tur angkuh,
barang gawe sungkan, kang dadim kareming ati, ngadhep diyan alungguh sambi
jejegang.
22 sarta nyekel bedutane den elus-elus,
angedhep pangeran, leren nyered banjur dhidis, suwe-suwe matane rem-erem
ayam.
23 Lamun ana rewange wong nyeret iku,
ingkang karujukan, crita cinrita pra gaib, para rasa sastrane ingkang
rinasa.
24 Sira ingkang tyas supaya akeh wong
ngrungu, andangi sabarang, nora nganggo wigah-wigih, nadyan kalah diakali pasti
menang.
25 Suprihipun anaa wong aweh candu, sing
wong kekurangan, pikir peteng susah ati, suka bungah adhangan akale ndara.
26 Yen wus ndadi nyerete awake kuru, mesem
ulatira, njambut wadi saking warih, lambe biru untu putih arang nginang.
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
19
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
27 Tenmenipun satronjambe gambir suruh,
injet lan mbakonya, kinira yen wedi getih, tan angandel puniku mewani
cahya.
28 Nyeret lawas ambekane melar mingkus,
jelagra neng dadha, watuke saya gumugil, yen agering ndalinding metu
bolira.
29 Iya iku alane wong mangan apyun, uripira
dadya, tontonan padhaning jalmi, singgahana wewaler telung prakara.
30 Ana maning wewaler aja sok wuru, nora
nganggo masa, endi lirira puniki, nginum sajeg puniku watake ala.
31 Yen amendem ilang prayitnaning kalbu,
tan ajeg pikirnya, sabarang angrasa wani, tinemenan wekasane dadi ala.
32 Lawan aja karem mring wanita ayu, kang
ala anggepnya, lan aja mbukak wewadi, mring ngarsaning wanita tan wurung
corah.
33 Sampun lumrah ing wanita datan brukut,
asimpen raharja, saking rupake ing batin, apan uwus pinanci dening Hyang
Suksma.
34 Nitahaken pawestri pan kinaryeku,
ganjaraning priya, kabeh padha den nastiti, mring pitutur sayekti kudu
prayitna.
35 Aja dumeh pitutur kang tanpa dapur, yen
becik bakalnya, den anggowa manfaati, aja kaya Pucung kalawan kaluwak.
Ing ngandhap punika inkang aslinipun sampun
kasekaraken Pucung 22 pada sekar.
PUPUH VIII P U C U N G
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
20
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
01 Kamulane kaluwak nonomanipun, Pan dadi
satunggal, pucung aranira ugi, yen wus tuwa kaluwake pisah pisah.
02 Den budiya kepriye ing becikipun, aja
nganti pisah, kumpule kaya nomeki, anom kumpul tuwa kumpul kang prayoga.
03 Aja kaya kaluwak duk anom, kumpul bisa
wus atuwa, ting salebar siji-siji, nora wurung dadi bumbu pindhang lulang.
04 Aja kaya sadulur memanise dipun runtut,
oja kongsi pisah, ing samubarang karyeki, yen arukun dinulu katon prayoga.
05 Abot enteng wong duwe sanak sadulur, ji
tus tandhingira, yen golong sabarang pikir, kacek uga kang tan duwe sanak
kadang.
06 Luwih abot wong duwe sanak sadulur,
enthenge yen pisah, pikire tan dadi siji, abotipun yen sabiyantu ing
karsa.
07 Lamun bener apinter pamomonganipun, kang
ginawa tuwa, aja nganggo abot sisih, dipun sabar pamengku ing sentana.
08 Pan ewuh wong tinitah dadi asepuh, tan
kena ginampang, mring sadulurira ugi, tuwa nenom aja beda traping karya.
09 Kang
saregep kalawan ingkang malincur, iku kawruh ana, sira alema kang becik,
ingkang malincur den age bendanana.
10 Datan mari bebendon nggone malincur, age
patrapana, sapantese dosaneki, mring santara darapon dadi tuladha.
11 Nadyan iya wong cilik pasti piturut,
kang padha ngawula, dimen padha wedi asih, pan mangkono lakune wong dadi tuwa.
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
21
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
12 Den ajembar anggonira amangku, den
pindho sageta, tyase amot ala becik, mapan ana pepancene sowang-sowang.
13 Pan
sadulur tuwa wajibe pitutur, mring kadang taruna, kang anom wajibe wedi,
dipun manut tuture sadulur tuwa.
14 Kang tinitah dadi anom aja masgul, ing
batin ngrasaa, saking karsaning Hyang Widdhi, yen masgula ngowai kodrating
Suksma.
15 Nadyan bener yen wong anom dadi luput,
dene ingkang tuwa, den kayu banyu ing beji, awening tingale aja sumunar.
16 Lan maninge pan ana pituturingsun, yen
sira amaca, sabarang layang den eling, aja pijer ketungkul ngelingi
sastra.
17 Caritane
ala becik dipun enut, nuli rasa kena, carita kang muni tulis, den karasa
kang becik si ra a- nggawa.
18 Ingkang
ala rasakena dadi luput, supaya tyasira, weruh ing ala lan becik,
ingkang becik wiwitane kawruhana.
19 Wong
kang laku mangkono wiwitanipun, becik wekasanya, wong laku mangkono ugi
ing wekasanipun teka dadi ala.
20 Ing sabarang prakaran dipun kadulu,
wiwit wekasanya, bener luput den atiti, ana becik wekasane dadi ala.
21 Dipun weruh iya ing kawulanipun, lan
wekasanira, puniku poma den ana, ala dadi becik ing wekasanira.
22
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
22
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
Ewuh temen babo wong urip puniku, apan nora
kena, kinira-kira ing budi, arang mantep wasise basa raharja.
PUPUH IX M
I J I
L
01 Pomo kaki padha dipun eling, ing pitutur
ingong, sira uga satriya arane, kudu anteng jatmika ing budi, luruh sarta
wasis, samubarang tanduk.
02 Dipun nedya prawira ing batin, nanging
aja katon, sasona yen durung masane, kekendelan aja wani manikis, wiweka ing
batin, den samar ing semu.
03 Lan dimantep mring panggawe becik, lawan
wekas ingong, aja kurang iya panrimane, yen wis tinitah marang Hyang Widhi, ing
badan punika, wus pepancenipun.
04 Ana wong narima ya titahing, mapan dadi
awon, lan ana wong narima titahe, wekasane iku dadi, becik, kawruhana ugi, aja
seling surup.
05 Yen wong bodho datan nedya ugi, atakon
tetiron, anarima titah ing bodhone, iku wong narima nora becik dene ingkang
becik, wong narima iku.
06 Kaya upamane wong angabdi, marang sing
Sang Katong, lawas-lawas ketekan sedyane, dadi mantri utawa bupati, miwah
saliyaneng, ing tyas kang panuju.
07 Nuli narima tyasing batin, tan mengeng
ing Katong, rumasa ing kani matane, sihing gusti tumeking nak rabi, wong narima
becik kang mangkono iku.
08 Nanging arang iya wong saiki, kang kaya
mangkono, Kang wus kaprah iyo salawase, yen wis ana lungguhe sathithik, apan nuli
lali, ing wiwitanipun.
09 Pangrasane duweke pribadi, sabarang kang
kanggo, datan eling ing mula mulane, witing sugih sangkane amukti, panrimaning
ati, kaya anggone nemu.
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir 23
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
10 Tan ngrasa kamurahaning Widdhi, jalaran
Sang Katong, jaman mengko ya iku mulane, arane turun wong tuwa tekweng, kardi
tyase Sariah, kasusu ing angkuh.
11 Arang nedya males sihing Gusti, Gustine
Sang Katong, lan iya ing kabehing batine, sanadyan narima ing Hyang Widdhi, iku
wong tan wruh ing, kanikmatanipun.
12 Wong tan narima pan dadi becik, tinitah
Hyang Manon, iku iyo rerupane, kaya wong ingkang ngupaya ilmi, lan wong nedya
ugi kapintaranipun.
13 Iya pangawruh kang den senengi, kang wus
sengsem batos, miwang ingkang kapinteran dene, ing samubarang karya ta uwis,
nora kanggo lathi, kabeh wus kawengku.
14 Uwis pinter nanging iku maksih, nggonira
pitados, ing kapinterane ing undhake, utawa unggahe kawruh yekti, durung marem
batin, lamun durung tutug.
15 Yen wong kurang panrimo ugi, iku luwih
awon barang gawe aja age-age, anganggowa sabar sarta ririh, dadi barang kardi
resik tur rahayu.
16 Lan maninge babo dipun eling, ing
pituturingong, sira uga padha ngemplak emplak, iya marang kang jumeneng Aji,
ing lair myang batin, den ngarsa kawengku.
17 Kang jumeneng iku ambawani, karsaning
Hyang Manon, wajib padha wedi lan batine, aja mamang parintah ing Aji, nadyan
enom ugi, lamun dadi Ratu.
18 Nora kena iya den waoni, parentahing
Katong, dhasar Ratu abener prentahe, kaya priye nggonira sumingkir, yen tan
anglakoni, pasti tan rahayu.
19 Nanging kaprah ing masa samangkin,
anggepe angrengkoh, tan rumangsa lamun ngempek empek, ing batine datan nedya
eling, kamuktene iki, ngendi sangkanipun.
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
24
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
20 Lamun eling jalarane mukti, pasthine tan
mengkuh, saking durung batin ngrasakake, ing pitutur engkang dingin-dingin,
dhasar tan paduli, wuruking wong sepuh.
21 Dadine sabarang tindakneki, arang
ingkang tanggon, saking durung ana
landhesane, arip crita tan ana kang eling, elinge pribadi, dadi tanpa
dhapur.
22 Mulanipun wekasingsun iki, den kerep
tetakon, aja isin ngatokken bodhone, saking bodho witing pinter ugi, mung Nabi sinelir,
pinter tanpa wuruk.
23 Sabakdane tan ana kadyeki, pinter tanpa
takon, apan lumrah ing wong urip kiye, mulane wong anom den taberi, angupaya
ilmu pandadi pikukuh.
24 Kacek uga wong kang tanpa ilmu, sabarange kaot, dene ilmu iku ingkang kangge,
sadinane gegulangan dingin, pan sarengat ugi, parabot kang perlu.
25 Ilmu sarengat pan iku dadi, wadhah kang
sayektos, kawruh tetel wus kawengku
kabeh, kang sarengat kanggo lair batin,
mulane den sami, brangta maring ilmu.
PUPUH X ASMARANDANA
01 Padha netepana ugi, kabeh parentahing
syara, terusna lair batine, salat limang
wektu uga, tan kena tininggala, sapa
tinggal dadi gabug, yen misih remen neng praja.
02 Wiwitane badan iki, iya saking ing
sarengat, anane Manusa kiya, rukune Islam lelima, tan kerja tininggala, pan iku
parabot agung, mungguh uripe neng donya.
03 Kudu uga den lakoni, rukun lelima
punika, apantosa kuwasane, ning aja tan linakwan, sapa tan ngalakanana, datan
wurung nemu bebendu, mula padha estokeno.
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
25
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
04 Parentahira Hyang Widdhi, kang dhawuh
marang Nabiu’ullah, ing Dalil Khadis enggone, aja padha sembrana, rasakna den
karasa, Dalil Khadis rasanipun, dimene padhang tyasira.
05 Nora gampang wong ngaurip, yen tan weruh
uripira, uripe padha lan kebo, angur kebo dagingira, khalal lamun pinangan, yen
manungsa dagingipun, pinangan pastine kharam.
06 Poma-poma wekas mami, anak putu aja
lena, aja katungkul uripe, lan aja duwe kareman, banget paes neng dunya, siang
dalu dipun emut, wong urip manggih antaka.
07 Lawan aja angkuh bengis, lengus lanas
calak lancang, langar ladak sumalonong, aja ngidak aja ngepak, lan aja siya-siya, aja jahil dhemen padu, lan
aja para wadulan.
08 Kang kanggo ing masa iku, priyayi nom
kang den gulang, kaya kang wus muni kowe, kudu lumaku kajinan, pan nora nganggo
murwat, lunga mlaku kudhung sarung, lumaku den dhodhokana.
09 Datanpa kasur Sayekti, satriya tan wruh
ing tata, ngunggulaken satriyane, lamun karem pinondhokan, anganggowo jajaran,
yen niyat lung anawur, aja ndhodhoken manusa.
10 Denene wedi sarta sih, anggonira mengku
bala, miwah yen angran ing gawe, den abisa minta-minta, karyane prawadyanira,
ing sagawe gawenipun, ing karyanira prayoga.
11 Sarta kawruhana batin, gegantunganing
pratopan, darapon pethel karyane, dimene aja sembrana, nggone nglakoni karya
ywa, dumeh isih sireku, lamun leda patrapana.
12 Nadyan sanak antaneki, yen leda hya
pinatrapan, murwaten lawan dosane, darapon padha wediya, ing wuri awya padha,
angladeni kayaniraku, aja pegat den warata.
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir 26
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
13 Lan meninge suta mami, mungguh anggering
kawula, den suka sukur ing batos, aja pegat ing panedha, maring Kyang kang misesa ing, rahina
wenginipun, mulyaning Nagara kita.
14 Iku uga dipun eling, kalamun mulyaning
praja, mufa’ati mring wong akeh, ing rina wengi tan pegat, nenedha mring
Pangeran, luluse kraton Sang Prabu, miwah arjaning negara.
15 Iku wewalesing batin, mungguh wong
suwiteng Nata, ing lair setya tuhu, kalawan nyadhang ing karsa, badan datan nglenggana, ing siyang dalu pan
katur, atur pati uripira.
16 Gumantung karsaning Gusti, iku traping
wadya setiya, nora kaya jaman mangke, yen wus antuk palungguhan, trape kaya
wong dagang, ngetung tuna bathinipun, ing tyas datan pangrasa.
17 Awite dadi priyayi, sapa kang gawe ing
sira, tan weling ing wiwitane, amung weruh ing witira, dadine saking ruba,
mulane ing batinipun, pangetunge lir wong dagang.
18 Mung mikir gelise mulih, rerubanira duk
dadya, ing rina wengi ciptane, kepriye lamun bisaa, males sihing bandara,
lungguhe lawan tinuku, tan wurung angrusak desa.
19 Pamrihe gelise bathi, nadyan besuk
pinocota, picisku sok wusa mulih, kepriye lamun tataa, polahe salang tunjang,
padha kaya wong bebruwun, tan ngetung duga prayoga.
20 Poma padha dipun eling, nganggo syukur
lawan lila, nrimaa ing pepancene, lan aja amrih sarama, mring sedya nandhang
karya, lan padha amriha iku, harjane kang desa-desa.
21 Wong desa pan aja ngesthi, anggone
anambut karya, sesawah miwah tegale, nggaru maluku tetapa, aja den owah dimene,
tulus nenandur jagung, pari kapas lawan jarak.
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir 27
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
22 Yen desa akeh wongneki, ingkang bathi
pasthisira, wetune pajeg undhake, dipun reh pamrihira, aja kongsi rekasa, kang
wani kalah rumuhun, kurang pajeg srantekena.
23 Lamun tan mangkono ugi, karem masesa
wong desa, salin bakul pendhak gawe, pamitunge jung sacacah, bektine karo
belah, temahan desane suwung, pyayine jaga pocetan.
24 Poma aja anglakoni, kaya pikir kang
mangkono, satemah lingsem dadine, den sami angestakena, mring pitutur kang
arja, nora cacad alanipun, wong nglakoni kebecikan.
25 Nonoman ing mengko iki, yen dituturi
raharja, arang ingkang ngrungokake, sinamur bari sembrana, ewuh yen nuruta,
malah mudhar pitutur, pangrasane pan wus
wignya.
26 Aja na mangkono ugi, yen ana wong kang
carita, rungokena saunine, ingkang becik sireng gawa,bawungen ingkang ala,
anggiten sajroning kalbu, ywa nganggo budi nonoman.
PUPUH XI S
I N O
M
01 Ambeke kang wus utama, tan ngendhak
gunaning jalmi, amiguna ing aguna, sasolahe kudu bathi, pintere den alingi,
bodhone didokok ngayun, pamrihe den inaa, mring padha padhaning jalmi, suka
bungah den ina sapadha-padha.
02 Ingsun uga tan mangkana, baliku kang sun
alingi, kabisan sun dokok ngarsa, isin menek den arani, balilune angluwihi,
nanging tenanipun cubluk, suprandene jroning tyas, lumaku ingaran wasis, tanpa
ngrasa prandene sugih carita.
03 Tur ta duk masihe bocah, akeh temen kang
nuruti, lakune wong kuna-kuna, lelabetan kang abecik, miwah carita ugi, kang
kajaba saking embuk, iku kang aran kojah, suprandene ingsun iki, teko nora nana
undaking kabisan.
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
28
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
04 Carita nggonsun nenular, wong tuwa kang
momong dingin, akeh kang padha cerita, sun rungokna rina wengi, samengko isih
eling, sawise diwasa ingsun, bapa kang paring wulang, miwah ibu mituturi,
tatakrama ing pratingkah karaharjan.
05 Nanging padha estokana, pitutur kang
muni tu’ia, yen sira nedya raharja, anggone pitutur iki, nggoningsun
ngeling-eling, pitutur wong sepuh-sepuh, mugi padha bisa, anganggo pitutur iki,
ambrekati wuruke wong tuwa-tuwa.
06 Lan aja nalimpang padha, mring leluhur
dhingin dhingin, satindake den kawruhan, ngurangi dhahar lan guling, nggone
ambanting dhiri, amasuh sariranipun, temene kang sinedya, mungguh wong nedheng
Hyang Widdhi, lamun temen lawas enggale tinekan.
07 Hyang sukma pan sipat murah, njurungi
kajating dasih, ingkang temen tinemenan, pan iku ujare Dalil, nyatane ana ugi, nenggih Ki Ageng Tarub,
wiwitira nenedha, tan pedhot tumekeng siwi, wayah buyut canggah warenge kang
tampa.
08 Panembahan senopatya, kang jumeneng ing
Matawis, iku barang masa dhawuh, inggih ingkang Hyang Widdhi, saturune lestari,
saking berkahing leluhur, mrih tulusing nugraha, ingkang keri keri iki, wajib
uga niruwa lelakonira.
09 Mring leluhur kina-kina, nggonira amati
dhiri, iyasa kuwatanira, sakuwatira nglakoni, cegah turu sathithik, lan nyudaa
dhaharipun, paribara bisaa, kaya ingkang dingin dingin, aniruwa sapretelon
saprapatan.
10 Pan ana silih bebasan, padha sinauwa
ugi, lara sajroning kapenak, lan suka sajroning prihatin, lawan ingkang
prihatin, mana suka ing jronipun, iku den sinauwa, lan mati sajroning urip,
ingkang kuna pan mangkono kang den gulang.
11 Pamore gusti kawula, punika ingkang
sayekti, dadine socaludira, iku den waspada ugi, gampange ta kaki, tembaga lan emas iku, linebur ing dahana,
luluh awor dadi siji, mari nama tembaga tuwin kencana.
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
29
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
12 Yen aranana kencana, dene wus awor
tembagi, yen aranana tembaga, wus kaworan kancanedi, milanya den westani, aran
suwasa punika, pamore mas tembaga, mulane namane salin, lan rupane sayekti yen
warna beda.
13 Cahya abang tuntung jenar, puniku suwasa
murni, kalamun gawe suwasa, tembaga kang nora becik, pambesate tan resik, utawa
nom emasipun, iku dipunpandhinga, sorote pasthi tan sami, pan suwasa bubul
arane punika.
14 Yen sira karya suwasana, darapon dadine
becik, amilihana tembaga, oliha tembaga prusi, biresora kang resik, sarta
masira kang sepuh, resik tan kawoworan, dhasar sari pasti dadi, iku kena
ingaranan suwasa mulya.
15 Puniku mapan upama, tepane badan puniki,
lamun karsa ngawruhana, pamore kawula Gusti, sayekti kudu resik, aja katempelan
napsu, luwamah lan amarah, sarta suci lahir batin, pedimene apan sarira
tunggal.
16 Lamun mangkonoa, sayektine nora dadi,
mungguh ilmu kang sanyata, nora kena den sasabi, ewoh gampang sayekti, punika
wong darbe kawruh, gampang yen winicara, angel yen durung marengi, ing wetune
binuka jroning wardaya.
17 Nanging ta sabarang karya, kang kinira
dadi becik, pantes yen tinalatenan, lawas- lawas bok pinanggih, den mantep ing
jro ngati, ngimanken tuduhing guru, aja uga bosenan, kalamun arsa udani, apan
ana dalile kang wus kalawan.
18 Marang leluhur sedaya, nggone
nenedha mring Widhi, bisaa ambabonana,
dadi ugere rat Jawi, saking telateneki, nggone katiban wahyu, ing mula
mulanira, lakune leluhur dingin, andhap asor anggone anamur lampah.
19 Tampane nganggo alingan, pan padha alaku
tapi, iku kang kinaryo sasap, pamriha aja katawis, jub rina lawan kabir,
sumungah ingkang den singkur, lan endi kang kanggonan, wahyune karaton Jawi,
tinampelan anggape pan kumawula.
20 Punika laku utama, tumindak sarto
kekaler, nora ngatingalke lampah, wadine kang den alingi, panedyane ing batin,
pan jero pangarahipun, asore ngemurasa,
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
30
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
prayoga tiniru ugi, anak putu aja ana
ninggal lanjaran.
21 Lan maning ana wasiyat, prasapa kang
dingin dingin, wajib padha kawruhana, anak putu ingkang kari, lan aja na kang
wani, nerak wewaleripun, marang leluhur padha, kang minulyakaken ing Widdhi,
muga-muga mufaatana ing darah.
22 Wiwitan ingkang prasapa, Ki Ageng Tarup
memaling, ing satedhak turunira, tan linilan nganggo keris, miwah waos tan
keni, kang awak waja puniku, lembu tan kena dhahar, daginge pan nora keni,
anginguwa marang wong wadon tan kena.
23 Dene Ki ageng Sela, prasape ingkang tan
keni, ing satedhak turunira, nyamping cindhe den waleri, kapindhone tan
keni, ing ngarepan nandur waluh, wohe
tan kena dhahar, Panembahan Senopati, ingalaga punika ingkang prasapa.
24 Ingkang tedhak turunira, mapan nora den
lilani, anitiha kuda napas, lan malih dipun waleri, yen nungganga turangga,
kang kakoncen surinipun, dhahar ngungkurken lawang, wuri tan ana nunggoni,
dipun emut punika mesthitan kena.
25 Jeng Sultan Agung Mataram, apan nora
anglilani, mring tedhake yen
nitiha, kapal bendana yen jurit, nganggo waos tan keni, lamun linandheyan wregu, datan ingaken darah,
yen tan bisa nembang kawi, pan prayoga
satedake sinauwa.
26 Jeng Sunan Pakubuwana, kang jumeneng ing
Samawis, kondur madek ing Kartasura, prasapanira anenggih, tan linilan anitih,
dipangga saturunipun, Sunan Prabu Mangkurat, waler mring saturunreki, tan rinilan ujung astana ing Betah.
27 Lawan tan kena nganggowa, dhuwung
sarungan tan mawi, kandelan yen nitih kuda, kabeh aja na kang lali, lawan aja
nggogampil, puniku prasapanipun, nenggih Kang jeng Susunan, Pakubuwana ping
kalih, mring satedhak turunira linarangan.
28
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
31
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
Dhahar apyun nora kena, sinerat tan den
lilani, nadyan nguntal linarangan, sapa kang padha nglakoni, narajang waler iki, pan kongsi kalebon apyun,
pasti keneng prasapa, linabakken tedhakneki, Kanjeng Sunan ingkang sumare
Nglawiyan.
29 Prasapa Kangjeng Susunan, Pakubuwana
kaping tri, mring satedhak turunira, apan nora den lelani, ngawe andel ugi,
wong seje ing jinipun, apan iku linarangan, anak putu wuri-wuri, poma aja wani
anrajang prasapa.
30 Wonten waler kaliwatan, saking luhur
dingin dingin, linarangan angumbaha, wana Krendhawahaneki, dene kang amaleri,
Sang Danan Jaya rumuhun, lan malih winaleran, kabeh tedhak ing Matawis, yen
dolana mring wana tan kena.
31 Dene sesirikanira, yen tedhak ing Demak
nenggih, mangangge wulung tan kena, ana kang nyenyirik malih, bebet lonthang
tan keni, yeku yen tedhak Madiyun, lan paying dadaan abang, tedhak Madura tan
keni, yen nganggowa bebathikan parang rusak.
32 Yen tedhak Kudus tak kena, yen dhahara
daging sapi, yen tedhak Sumenep iku, nora kena ajang piring, watu tan den
lilani, lawan kidang ulamipun, tan kena yen dhahara, miwah lamun dhahar ugi,
nora kena ajang godhong pelasa.
33 Kabeh anak putu padha, eling-elingan ywa
lali, prasapa kang kuna-kuna, wewaler
leluhur nguni, estokna away lali, aja nganti nemu dudu, kalamun wani nerak,
pasti tan manggih basuki, Sinom salin Girisa ingkang atampa.
PUPUH XII G
I R I
S A
01 Anak putu den estokna, warah wuruke pun
bapa, aja na ingkang sembrana, marang wuruke wong tuwa, ing lair batin den bisa, anganggo wuruking
bapa, ing tyas den padha santosa, teguhana jroning nala.
02 Aja na kurang panrima, ing pepasthening
sarira, yen saking Hyang Moha Mulya, kang nitahken badanira,
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
32
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
lawan dipunawas padha, asor unggul waras
lara, utawa beja cilaka, urip utawa antaka.
03 Pan iku saking Hyang Suksma, miwah ta
ing umurira ingkang cedhak, lan kang
dawa, wus pinasthi ing Hyang Suksma, duraka yen maidowa, miwah yen kurang
panrima, ing lokhilmahfut punika tulisane pan wus ana.
04 Iku padha kawruhana, sesikune badanira,
aywa marang kang amurba, Kang Misesa, marang sira, yen sira durung uninga,
prayoga atatakona, mring kang padha wruh ing ma’na, iku kang para ulama.
05 Kang wus wruh rahsaning kitab, darapon
sira weruha, wajib moka ing Hyang Suksma, wiwah wajibing kawula, lan mokale kawruhana,
miwah ta ing tatakrama, sarengat dipunwaspada, batal kharam takokeno.
06 Sunat lan perlu punika, perabot kanggo
sadina, kaki iki dipunpadhang, tatakaniro den terang, lan aja bosen jagongan, marang kang para
‘ulama, miwah wong kang wus sempurna,
pangawruhe mring Hyang Suksma.
07 Miwah ta nagara krama, tindak tanduk
myang bebasan, kang tumiba marang nistha, tuwin kang tiba ing madya, lawan kang
timbang utama, iku sira takokena, ya marang para sujana, miwah wong kang
tuwa-tuwa.
08 Kang padha bisa micara, tuwin kang ulah
susastra, iku pantes takanana, bisa madhangken tyasira, karana ujaring sastra
utawa saking carita, ingkang kinarya gondhelan, amemuruk mring wong mudha.
09 Lawan sok kerepa maca, sabarang layang
carita, aja nampik barang layang, carita kang kuna-kuna, layang babat
kawruhana, caritane luhuriro, darapon sira weruha, lelakone wong prawira.
10 Miwah lelakone padha, kang para Wali
sadaya, kang padha antuk nugraha, angsale saking punapa, miwah kang satriya,
kang digdyana ing ayuda, lakune sira tiruwa,
lelabetan kang utama.
11
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
33
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
Nora susah amirungga, mungguh lakuning
satriya, carita kabeh pan ana, kang nistha lan kang utama, kang asor kang
padha, miwah lakuning nagara, pan kabeh ana carita, ala becik sira wruha.
12 Yen durung mangerti sira, caritane
takonana, ya marang wong tuwa-tuwa, kang padha wruh ing carita, iku ingkang dadi uga, mundhak kapinteranira,
nanging ta dipun elingan, sabarang ingkang kapiyarsa.
13 Aja na tiru ing bapa, banget tuna bodho
mudha, kethul tan duwe graita, ketungkul mangan anendra, nanging anak putu padha, mugi Allah ambukaa,
mring pitutur kang prayoga, kabe padha anyakepa.
14 Umure padha dawaa, padha atut aruntuta,
marang sadulure padha, den padha sugih berana, tanapi sugiha putra, pepaka jalu
wanodya, kalawan maninge aja, nganti kapedhotan tresna.
15 Padha sami den pracaya, aja sumelang ing
nala, kabeh pitutur punika, mapan wahyuning Hyang Suksma, dhawuh mring sira sadaya, jalarane saking
bapa, Hyang suksma paring nugraha, marang anak ingsun padha.
16 Den bisa nampani padha, mungguh Sasmitaning
suksma, ingkang dhawuh marang sira, wineruhken becik ala, anyegah karepanira,
marang panggawe kang ala, kang tumiba siya-siya, iku peparing Hyang
Suksma.
17 Paring peling maring sira, tinuduhken
ing dedalan, kang bener kang kanggo uga, ing dunya ingkang sampurna, mugi anak
putu padha, anaa dadi tuladha, ing kabecikan manusa, tiniruwa ing sujalma.
18 Sakehing wong kepengin, nira solah
bawanira,marang anak putu padha, anggepe wedi asih, kinalulutan bala, kadhepa
saparentahnya, tulusa mukti wibawa, ing satedhak turunira.
19
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
34
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
Didohna saking duraka, winantuwa ing
nugraha, sakehe anak putu padha, ingkang ngimanaken samya, marang pituture
bapak, Alloh ayem badanana, ing pandonganingsun mapan, ing tyasingsun wus
rumasa.
20 Wekasingsun supaya surya, lingsir kulon
wayahira, pedhak mring surupe uga, atebih marang imbulnya, pira lawase neng
dunya, ing kauripaning jalma, masa nganti satus warsa, iya umuring manusa.
21 Mulaningsun muruk marang, ing kabeh
atmajaningwang, sun tulis ngong wehi tembang, darapon padha rahaba, nggonira
padha amaca sastra ngrasakna carita, aja bosen den apalna, ing rina wengi
elinga.
22 Lan nuli pada elinga, kaya leluhure
padha, digdaya betah ing tapa, sarta waskitha ing nara, ing kasampurnaning
gesang, patitis tan kasamaran, iku ta panedhaning wang, kang muga
kelakonana.
23 Titi tamating carita, serat weweling
mring putra, kang karya serat punika, Jeng Sunana Pakubuwana, Surakarta ping
sekawan, ing ngalin panedhanira, kang amaca kang amiyarsa, yen lali muga
elinga.
TAMATING PAMANGUN
Telasing panuratira, ping Rong Puluh ing
Muharam Kamis Pon Taun Jimawal. Bumi Karta Saptaringrat (1741). Kapitu Adidaha,
obah kawula.
By Alang Alang Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
www.alangalangkuAmitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir 35
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh :
Mas Kumitir
Tidak ada komentar:
Posting Komentar