Jumat, 05 Desember 2014

geguritan 2

Candhik ayu v
Dening agus eko purnomo

Bang kulon tumata ana ing epek- epekmu
Sigaraning jiwa lan ragaku
Aku dumandakan eling
Kemutan menawa sliramu wis kondur
Mring kang akarya gesang
Sare kebak esem ing alam kelanggengan
Kanthi lererm, sidhem, premanem
Tansah ngasta impenku kang endah
Tansah kapang geguyonan kang renyah
Tansah sepi cumondhok ing manah
Muga aku tansah kuwat
Nunggu wengi kang sansaya awrat
Sugeng sare kang dawa, nimas
Bang kulon, nimas
Candhik ayumu cah ayu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar