Jumangkah
Dening
dewi pribadi
Jumangkah
ngarah pangangkah
Panjangkane
bocah sekolah
Ati
bungah bisa nolah
Kang
mawa wadhah
Wadhah
Wadhah
piranti sekolah
Wajib
lan tanggung jawab ora kalah
Netepi
wajib lumaku tertib
Tumrap
paugeran kang kinutup
Dhasar
bocah lantip
Teteg
lakune ora mobat mabit
Ngaran
pangangkah kang dhuwur mencit
Mangsa
dawa ganep sedina
Tinata
karya kang nyata
Tumindak
enak merga kulina
Panjangka
klakon ora rekasa
Ya
amarga netepi mangsa
Mbudidaya
lan ndedonga
Nadhah
pangeran kang maha mulya
Tidak ada komentar:
Posting Komentar