Jumat, 05 Desember 2014

pambagyaharja



Asalamualaikum wr.wb

Dhumateng bapak kepala jurusan, bapak kaliyan ibu dosen, saha para staf karyawan Basa lan Sastra jawi ingkang kula kurmati, ugi para kanca mahasiswa basa lan sastra jawi ingkang kula tresnani.
Mangga kita sedaya ngaturaken puja lan puji syukur dhumateng gusti Allah ingkang maha Agung, amargi sampun maringi rakmat kaliyan hidayahipun, saengga kita sedaya sagrt kempal sesarengan wonten ing adicara “temu keakraban”.

Para tamu undangan ingkang kula kurmati, ingkang sepisan kula badhe ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami, menggah karawuhan panjenengan sedaya ing adicara menika

Ingkang kaping kalih, kula wakil saking kanca mahasiswa basa lan sastra jawi ngaturaken syukur alhamdulillah kita sedaya saget nglampahaken adicara menika saking pawiwitan ngantos pungkasan, lan boten supe kula ngaturaken matur suwun kagem pihak ingkang sampun dukung saha mbiyantu kangge nglampahaken adicara menika

Ingkang kaping tiga, kula ugi nyuwun agunging pangapunten amargi saking sedaya adicara menika taksih sanget kekirangan, awit saking menika kula nuwun maklumipun panjenengan sedaya. Mugi-mugi adicara menika langkung sukses ing taun ngajeng. Amin.

Cekap semanten ingkang kula aturaken, mbok bilih menawi wonten kelepatan, kula nuwun agunging pangapunten.

Wasalamualaikum. Wr. wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar